Selasa, 20 Januari 2015

Serat Centhini Pegon Pupuh V Dhandhanggula

01
Larapati pan sampun pinasthi, krama pati wus pasthen marganya, tan suwe, prapteng ayune, memedi teka runtuh, nulya ngucap dhuh mambu wangi, wangi-wangi aenak, daya temen ingsun, ana wong mara ing griya, ayu anom roro pra samya pawestri, mangke sira sun mangsa.
02
Sun mangsane mangke depun aglis, mandahane karo dening renyah, amoh tekan ing balunge, angerik swaranepun, jatha gimbal rema angirid, netra abang sunirat, lwir sarya dinulu, mijil saking kayu gurda, rengih-rengih cawete dinulu jrihi, sarwya ngucap mangkana.
03
Adhuh mati sira wong kekalih, pan sun mangsa sira Ni Turida, lumayua depun asru, sun arani ta sira iki, gagecek nantang lalab, kaya sira iku bosen mangan sega iwak, Ni Turida gumeter denira angling, lan bage untapena.
04
Ni Ken Raras gumeter kepati, sumengeran mangke kadya pejah, kateteg tan kena rereh, tambuh paraning dulu, pan kewuhan tan kena usik, angetak anggegilani (hlm. 66), gedhene salumbung, rupane roro salewah, angrerengih swaraning pating kurintih, aenak cengelira.
05
Enak temen gedhene awangi, kehe batur minangsa, pinangan tekeng balunge, siji bobohaningsun, thinethelan padha binukti, yatena wadon Turida, amangke baya ingsun, tinekaken ing wekasan, kang sun tedha syukur matia ing riki, lah ta mangsanen ingwang.
06
Lah mangsanen ingsun depun aglis, teka kena ing sekarepira, urip tan kajamak akeh, sura denawa muwus, tulusna karepmu iya amateni, syukur ingsun matia.
07
Nora lamun mengkanaa mami, aywa maras babo atinira, pan sun raksa sira mangke, langkung wlas atiningsun, aningali ing sira nini, denira kawlasarsa, jeneng putuningsun, angucap wadon Turida, sinten baya kiyai wasta dikeki, asih ing awakingwang.
08
Sura denawa mangke sira ngling, sun kineken denira Hyang Sukma, anglalangi jagad kabeh, marmaningsun tumurun, anuruni ing sira nini, denira kawalasarsa, paran dera jaluk, sira sah saking sesana, anglampahi lara patisira nini, angling wadon Turida.
09
Pan ingsun takon kaki sejati, paran maram reke timurunan, apatah baya wedine, parandening uriptengsun, aneseki ing jagad iki, tan jamak lan wong kathah, kiyai wakiningsun, baya angur palastra, saman dening tan draman ingsun lakoni, angling sura denawa.
10
Aywa mengkono babo nak mami, iya ingsun kang amurweng sira, kang karya lelakon mangke, kang sadya manireku, anglelana amrihing pati, lumampah kawlasarsa, angger putuningsun, angucap wadon Turida, para iki tan tan kongang tinilar laki, angur matiyeng wana.
11
Tresna temen sira maring laki, Ni Turida babo putuningwang, arep tah panggia mangke, bula si kaki ayun, apanggia manira iki, sura denawa (hlm. 67) ngucap, den shabar sireku, babo teka lakonana, aja kondur ing lara kelawan pati, ingsun nguncanging sira.
12
Sun papoyan ing sira tah nini, bancanane babo lakona, lara pati lelakone ingsun babo andulur, sedyanira Ni Rarasati, lakinira atapa, marmane tan mantuk, pan karem brangta maring Hyang, apartapa ing Argasalah puniki, lah babo lakonana.
13
Ni Turida saure amanis, tah ingendi, kakiArgasalah, ayun wikana parnahe, sura denawa muwus, kedul wetan saking ing riki, iya sira den pujya, karanira iku, anglangut atilar wisma, lakinira atapa andon anepi, abrangta tur tan muna.
14
Taha sira den tilara nini, kewala lagi ambrangta lampah, anedya ing kasidane, Ni Turida amuwus, yen mangkana manira amit, tuhwa sasabda tuwan, denawa amuwus, iya babo lah mintara, ya ta mumbul denawa dedel pertiwi, anggayuh antarriksa.
15
Ni Turida gagetun tan sipi, lawan mangke Ni wadon Ken Raras, tansah ing wuri parnahe, sarwi gameli pinjung, gegamelan tansah ing wuri, angling wadon Turida, babo ariningsun, wus mintar sura denawa, Ni Ken Raras kumeter tan kena angling, lah paran wau ika.
16
Nenggih yayi utusan Hyang Widi, anggagila anyuba ing sira, yen temen lawan orane, dene rondhun anglampus, amateken raganireki, karanya den gagila, pan laire iku, lah mintara mumpung ainjang, Ni Ken Raras lampahe aniba tangi, dhuh kakang mati ingwang.
17
Meh raina semu bang Yang Rawi, mega abang tinon sumemburat, sumorot padhang cahyane, mega abang sumembur, kintar dening Aruna mijil, ana abang sumirat, tatas pajar sampun, ginggang saking ing aldaka, surya mubyar dinulu ngebeki langit, sigra adan lumampah.
18
Ni Turida lampahe lumaris, layan mangke Nibok Raras, nuju pangonan lampahe, rare ngon ika agung, kanan (hlm. 68) keri samya kepanggih, Kebo Sapi agelar, Menda mangsa agung, wadon Turida lumampah, rara sedaya samya marani, kawok samya tumingal.
19
Padha ngucap wong endi puniki, dene ayu medal saking wana, pawestri roro kathahe baya iki wong langit lunga rangkat pantes won gik, samya na ing dedalan, lawan kakungepun, lah payo padha pinaran, pinagetan wong akeh ing arsaneki, lah padha tinakonan.
20
Ana rareng wus baleng sawiji, bok penganten ingsun atatanya, ing pundi mangke wismane, dhateng pundi wong ayu, sampun lunga ta sira yayi, gusti sampun idhepan, raden ujar ingsun, balik wong ayu wangsul, Ni Turida mangke sira anauri, lah edan temen sira.
21
Aja kudu sira bocah iki, suminggaha mangke ingsun liwat, aja sasemon ing mangke, rare ngon datan pa sung, aja liwat ta sira yayi, balik sira wangsul, gusti ariningsun, ing binjang sun nanggap wayang, lah wangsul isun tuku limar pathi, mesem wadon Turida.
22
Pinter temen rare angon iki, aja juwet sira anjajawat, lah padha mireya mangke, rare angon gumuyu, daya temen rare puniki, rabine atut wuntat, weneh kang sumaur, ing pundi margane pasar, aneng wuri amindha kakungireki, padha gumuyu suka.
23
Guyu ginuyu asemu wedi, semu-semu samya atut wuntat, wus lepas mangke lampahe, rare angon tumutur, asrang-srangan padha nututi, cili lah ta balia, babo ariningsun, sapisan kapindho kena, lah ta cili idhepan ujarku iki, dhuh emboke si rara.
24
Lepas lampahe waulumaris, Ni Turtida lawan Ni Ken Raras, tan kandheg mangke lampahe, rare angon kabeh wangsul, kang saweneh ana tut wuri, Kebo Sapine iolang, Wedhus Banyakepun, pan rare angon srang-srangan, Kebo Sapi ngon-ngonane ting salebrang, rare ngon samya (hlm. 69) nolak.
25
Samya nulak tur paling gulintang, sarya nangis edi maring bapa, aramya mangke tangise, ana ngalor angedul angedul, Ni Turida sampun lumaris, prapta ing pringgabaya, awang-uwung iku, anuju ing padhukuhan, asri tinon pomahan asri angrawit, tegale lurah-lurah.
26
Kang adarbe samya andhedhangir, tandurane pan asri kawuryan, Bekatal Sumangka Gudhe, Lambon lan Kacang wulung, Balungka asri lan Tales wangi, samya ramya neng tegal, adhedhangir Timun, darbe karang kang tumingal, samya cingak tumingal ana pawestri, kekalih yu lumampah.
27
Kae batur wong endi puniku, semu anyar mangke katingalan, Ki Lengar mangke wuwuse, agi tumoning wau, dhadhayuhan sapa puniki, semune maring wisma, santri Kobar muwus, dhedhayuhan sapa ika, santri Ketur sujmaur anggegerehi, samya mantuk sedaya.
28
Ni Turida lampahe lumaris, sampun manjing mangke korinira, arsa araryan ing mangke, anjujug bale kedul, teka linggih mangke ing panti, semene wong kangelan, pasamohan agung, dhukuhe Ki Syeh Parajan, Ki Parajan ambalik mungkur tan uning, santrine padha teka.
29
Pagenira mulih injing-injing, padha mesem semunira, ki santri umatur age, wonten mangke tetamu, wong kekalih samya pawestri, Ki Perajan angucap, nora wikan ingsun, gupuh sira tiningalan, panti agung lah nyata ana tetami, mangke alinggih sira.
30
Lah bagya mangke kang tetami, pan ing pundi pinakanira, muwah kang jinujung mangke, lintang panujuningsun, pantes temen wong dadi nyai, Ni Turida angucap, wong ideran tengsun, arsa dhateng Argasalah, atataken marmane ingsun mampir, arsa ataken marga.
31
Syeh Perajan mangke anauri, aywa lunga emboke si rara, lah sun aku nyai dhewe, yen sira arsa meringsun, alah sira kaesi-esi, lamun sira tulusa, dadi nyai ingsun, lag karo padha sun alap, lah lungguha ing pati (hlm. 70) dadi nyai, satrinira agelar.
32
Lah ta nyai iki, anglelana cili kawlasarsa, leheng akramaa mangke, oliha lawan ingsun, alinggiha dadia nyai, sandhang pangan tan kurang, babo ariningsun, lah sirama mumpung injang, gagandaa asalin sinjang cangkring, kakemben, sarasah.
33
Lah ta mara ariningsun cili, lah adusa nulya gaganda, anulya muliha age, mara ing wismaningsun, Ni Turida angling ing ati, wong iki nora waras, pan saya delurung, Ken Raras mangke angucap, kurang syethan edane, anglamong iki, pendah lakiyang sira.
34
Ni Turida angling jro ati, katuwoning babo raganingwang, tan draman ing lelakone, wijile manah segul, waspa mijil lantara pipi, tresnaningsun krama, katuwan wakingsun, saenggon kasia-sia, yen mangke angur matia sun iki, anjerit Ni wadon Raras.
35
Syeh Perajan mangke muwus aris, lah menega cili yun idhepan, lah yayi muliha age, Ni Turida amuwus, iya ranesun anauri, angucap lan wong lanang, paman wetingsun, kapingin bisa agama, kaya ngipi alaki jumeneng nyai, Syeh Perajan asuka.
36
Ki Jungkarang gumuyu kepati, juga kena padha giyak-giyak, santri Kobar suka mangke, santri Kentrung angedung, santri Lengar anenabuhi, adhumprang-dhumprang kenang-kening lenggak-lenggik, samya gumuyu suka.
37
Ni Turida mangke angling aris, lah jawaben reke sual ingwang, sira arsa temune, yen estu arsa maringsun, pan jawaben padha tumuli, raga kasrah ngawula, Syeh Perajan muwus, lah ta cili wedalana, bage temen yen sira atakon ilmi, lah payo wedalana.
38
Sadurunge ana bumi langit, sira ingsun paman dok semana, ana ingendi dununge, jawaben sual ingsun, lamun mati paman (hlm. 71) sireki, ingendi paranira, Perajan amuwus, sun senggih nora mengkana, manthuk-manthuk santrine padha tinari, meneng tan ana mujar.
39
Santri Lengar mangke angaturi, yen andika mangke datan tresna, nedha dhateng amba mangke, banggi sampun aguru, sualepun teka ngiwuhi, Ki Perajan angucap, tembene angrungu, masalah ingkang mangkana, sun batange masalahe ni bok nyai, manira miarsa.
40
Sadurunge ana bumi langit, sira ingsun babo dok semana, ana ing cahya enggone, yen matiya sireku, mulih-mulih ing bumi yayi, mulih dok kaya ora, iku sun angrungu, kaya pa ing karsanira, iya iku jawaben sualireki, lah payo lunga nikah.
41
Ni Tirida mangke muwus aris, ewuh paman ing panjawabira, asimpar lawan tegese, suwe panggya tengsun, nora sotah panggih wong iki, panggiha lan wong sasar, Ken Raras amuwus, nora liyok ujaringwang, Syeh Perajan dudu wong warasan iki, edane anggaruntal.
42
Ni Turida mangke muwus aris, lah kantun paman ingsun kesah, kariya nglamong ing akeh, Ki Perajan amuwus, aja lunga ta sira yayi, nginepa den alawas, babo ariningsun, Perajan cuwa kang manah, angedumel santrine den uring-uring, santri tambuh dayanya.
43
Ni Turida kawuwusa malih, sampun prapta sira ngalas wana, lewang-lewung lor kidule, prapta ing wana agung, liyep twase tan ana kesthi, tansah widang-widingan, lawan ariningsun, lumampah sarwi karuna, Ni Turida lakine den ucap malih, lah ingendi genira.
44
Ni Ken Raras anangis kepati, amiarsa kakange karuna, saya kagagas tresnane, kakangepun den wuwus, Jayengraga ta sira gusti, lara pati larira, kakang gustiningsun, papegen kawulanira, Jayengraga yen asih mara ing kami, dhuh kakang ingsun pejah.
45
Teka dhimpuk aneng sor waringin, Ni Turida akon arinira, den tenggek-tenggek eluhe, sesambatnya (hlm. 72) mlas ayun, panangise anglir sundari, lwir pulung kapipitan, swaranepun arum, pangrintih ning kang bremara, sesambate sakecap angredhet ati, sasambat leir taluktak.
46
Jyengsmara kakang gusti mami, ing pundi kae ing pamahira, manira papagen age, baya tan angempelo, Jayengsmara ta sira gusti, lah ta endi jarira, asih maringsun, anusup angayam alas, rabinira nora etang lara pati ing sira.
47
Delap temen manira urip, Jyengsmara sun laki mring sira, sira meled kapacilu mangke, lah kakang gustiningsun, yen tan sudi maringsun iki, den wehana sasmita, bapa lakiningsun, lara sapatilarira, Dewi Raras tangise anjerit kepati, dhuh kakang gustiningwang.
48
Ni Ken Raras asambat ing laki, mangkeneya kakang garwanira, tan wande pejah ing akeh, lah kakang gustiningsun, lah ta endi ubayeng uni, baya nora swapena, mati temen ingsun, sasambat lir calapita, saya lepas tangise angundang lining, kagyat kang aneng guwa.
49
Ni bok Indhang Rarasati, kang atapa ambetar sarira, wus sapta warsa lamine, kagyat amedal gupuh, saking guwa mangkya ningali, kagyat ana karuna, was tingalepun, saksana mangke tumingal, wong kakalih anangis soring waringin, anulya pinaranan.
50
Rema panjang pan kinarya tapih, Ni Bok Indhang mangke Raras driya, pan maksih anom warnane, sampun prapta ing nguyun, Ni Turida datan ningali, tuwin Ni Dewi Raras, Ni Indhang amuwus, kagyat Ni wadon Turida, amiarsa ing swara kadya papekil, nora na katingalan.
51
Ni Turida mangke atur aris, sapa sinten mangke asung swara, nora na katingal mangke, Ni Bok Indhang amuwus, iya ingsun babo puniki, langkung tan welasingwang, babo anakingsun, tumingal ing brangtinira, iya ingsun Ni Bok Indhang Rarasati, kagyat wadon Turida.
52
Ni Turida mangke muwus aris, lamun tulus sihira maringwang, ayun wruha (hlm. 73) ing warnane, Ni Indhang mangke muwus, estu sira yen wikan nini, jatining rupaningwang, saksana kadulu, warnane Bok Indhang, Ni Turida wau kagyat aningali, tumoning warnanira.
53
Sampun awas Ni Turida angling, paran karsa mangke pakanira, Ni Indhang alon wuwuse, paran marmaningsun dangu, padha nangis ana ing riki, lah paran karsanira, anangis pan kawlasarsa, yen sun rungu kaya sinendhal kang ati, lah babo pepoyana.
54
Ni Turida mangke muwus aris, pan wawarta ing sapolahira, wong ilang manira mangke, tinilar dening kakung, anging ingsun bingung ngulati, mara ing lakiningwang, dening tan asung wruh, awisma ing Wanamarta, dok ing uni manira tan etang pati, angling Ni Indhang Raras.
55
Nora kaya babo sira nini, nora ketang lara patinira, atilar mukteng wismane, baya kurang wong kakung, baya-baya lakinira, bagus temen warnanya, babo anakingsun, liwat wlasingsun tumingal, Ni Turida alon denira nauri, bibi kadya punapa.
56
Arep panggih temen sireki, lawan kakungira akaliyan, Tirida alon wuwuse, bola bibi sihepun, apanggiha lan laki mami, Ni Bok Indhang angucap, babo anakingsun, kalingan bata sarimbag, lakinira atapa andon anepi, ana ing Argasalah.
57
Ni Turida mangke amuwus aris, yen mangkana bibi nedha parnah, Ni Indhang alon wuwus, iya babo sun jurung, kedul wetan pan saking riki, dhukuhe lakinira, babo anakingsun, nanging ingsun apepoyan, bencanane awakira ana kari, lah babo lakonana.
58
Yeng mangkana bibi manira amit, anglampahi bibi wartanira, Ni Indhang alon wuwuse, den yatna anakingsun, lakinira amitambuhi, tapane meneng ika, tan mujar ambisu, den bisa sira ngawula, lah tedhanen ing sukma mulya kang asih, aywa tungkul abrangta.

0 komentar:

Posting Komentar