Minggu, 13 Maret 2016

Wong Penginyongan Neng Perantauan Peduli Apa Ora?

Wong Penginyongan. Wong Penginyongan Neng Perantauan Peduli Apa Ora?

Wong Penginyongan neng perantauan cukup akeh sing kasebar se Indonesia malah akeh neng luar negeri. Dadi wong Penginongan neng perantauan kudu emut lan kelingan marang daerahe dhewek. Yakuwe kudu melu mbangun wilayah dhewek.

Peduline rika kabeh sing pada neng perantauan, gede banget artine maring kemajuane wilayah Banyumas. Inyong sak kanca bati kepengin njaluk tulung maring rika kabeh wong Banyumas sing neng perantauan. Yakuwe sapa pae sing duwe buku-buku bekas, majalah, buletin, syukur-syukur buku singa anyar bisa disumbangna maring Taman Bacaan Media Cerdik

Aku matur nuwun banget neng rika kabeh gelem peduli karo mbantu inyong sak kanca. Kadar buku bekas sing ora kanggo neng rika bisa digunakna neng desa. Buku kanggo minterna masyarakat desa, lewih-lewih siki wis mlebu masa MEA. sing nuntut wong kudu pada pinter dan terampil

Mangga sing arep ngirim buku anyar apa bekas, majalah, jurnal, buletin lan liaye termasuk alat-alat pendidikan bisa dikirimna maring:

TBM Media Cerdik
Karangduren Desa Purwojati Kec. Purwojati Bnyumas 53175
Kontact person email: donasi20000@yahoo.com

utawa nek akeh bisa tak jukut maring tempate neng perantauan sing penting alamate jelas

0 komentar:

Posting Komentar