Selasa, 06 Januari 2015

Serat Centhini Pegon Pupuh III Dhandhanggula

01
Unggannya linggih ing patiganing, suka kuncara lan arinira, Ki jayengraga wuwuse, kakang pundi dinunung, sakecaning lampah puniki, sampun awirandongan, Jayengsmara muwus, ana wong sanak manira, kang atapa ing ancala olah nepi, aran Syeh Malangkarsa.
02
Punika yayi sun dunung mangke, iku rowangingsun angumbara, dok ingsun ngaji bangiwen, kaliwat pananepun, ing Paciran dhimin, ing mangke olah tapa, akeh sisyanepun, menawi yayi miarsa, ing wartane si kakang inguni-uni, lah kaka sinengeran.
03
Nora adoh yayi saking riki, nora liwat lampah kalih rina, ing Ardi Palwa enggone, Ki Jayengraga muwus, lah ta mintar saking riki, lengser Ki Jayengraga, sumengka mangedul, kongang lurah pagagan, lebak-lebak ing gunung mujur kapiring, tandur lagya adandan.
04
Sumengkeng gegeran lampahnya nuli, katuju manggih ing panginepan, ing Sindureja wastane, bale patemon agung, pinggir toya sitinya (hlm. 39) resik, tinaneman Andong bang, lawan Andong dadu, Kayumas lan Parijata, Bayem sulah sinelan Mayana wilis, ing natar Kayu neja.
05
Ki Jayengsamara angling ing ati, baya mukti ponang agriya, katoryang pepatutane, tumanduk karsanepun, arsa raryan Ki Jayengrasmi, kelayan arinira, tanseng wurinepun, araryan ki Jayengsmara, teka linggih sesaka depun lendohi, ismune wong kaleswan.
06
Kang manca randha nom tur sugih, ken Tilarsa pan jejulukira, lintang susila budhine, anyar kepaten kakung, katilaran putra kekalih, estri samya dewasa, warnanya yu-ayu, awasa Ni Ken Suwarsa, kang wuragil awawasta NiKen Warsiki, lwir widadari kinddran.
07
Asuwe datan ana wong mijil, Ni Pucangan rasa ngambil toya, katuju medal angore, lampah kalih pinjung, tandra kagyat anon wong linggih, sira Ni Ken Pucangan, wangsul tur gumuyu, atakken rangdha Tilarsa, Ni Pucangan paran kang deraguyoni, teka jaba suka.
08
Ni Pucungan atur poleng uni, kawula medal ing jaba, wonten wong kepanggih reren, bale patemon agung, wong kekalih pelag suwarni, manira boya wikan, medal kalih pinjung, tumurun rangdha Tilarsa, depun intip ing kikis Ki Jayengrasmi, atut wonten dhatengan.
09
Anambut wastra jingga sumampir, karsanira apa dhatengan, asta keri nyangking jambe, amucang sarya metu, jayengsmara tumurun aglis, angadeg amadhapa, ni rangdha andhulu, kalintang pandulunira, dinuk liring semune Ki Jayengrasmi, dulu wong suwahara.
10
Ken Tilarsa den lingiran aris, denya napa ramya manahira, rumaket anak basane, saking pundi dinunung, anak ingsun nedha lumaris, awon lungguh ing jaba, anginuma banyu, supados nyawa mucanga, anauri wencana Ki Jayengrasmi, bibi manira nedha.
11
Den lirik mangke Ki Jayengragi, iku nyawa tah sanak punapa, Ki jayengrasmi saure, sanak manira dulur, nenggeih rowan kawelas asih, angres rangdha Tilarsa, ngerengen wuwusepun, wau satekaning wisma, depun undang rarene nyawisa warih, anggelara kelasa.
12
Ni rangdha tumulnya ngancarani, lah ta nyawa sira alinggiha, sapuranira den akeh, nora amanggih sekul, bibi nira nyawa wong miskin, tulus rangdha kasihan, rarane den uwuh, lah anjaluk pamocangan, sampun sinung anulya depun carani, lah nyawa amucanga.
13
Rarene mangke wangsiti, Ni Pucangan sira jawadaha, lan amencaka nyarundeng, anambeleha sawung, ana suwap ingsun kekalih, lawan dhendheng menjangan, kang wewadhah sumbul, lan amathika kelapa, sun akarya sekul wudhuk lan kabuli, lawan adhanga ketan.
14
Ni rangdha angling ing anakneki, ibunira nyawa atamihan, lah akunen sanak angger, kakangira wus adus, lah sungana, beboreh nini, sapanen kakangira, ken Rara mintuhu, tumungkul asemu waspa, sarwi bakta dadah banten burat wangi, lawan lisah jebadan.
15
Ni Ken Rara wau metweng jawi, karsanira amundhur sekar, wong roro lawan arinira, asinjang seta alus, kasemekan limar ketangi, awida jajebadan, arja sengkang luru, akampuh sutra dewangga, anderangi paesan dhat ngayomi, nenggih Ni Ken Suwarsa.
16
Ni Warsiki sira sinjang wilis, arja kampuh rangdhi angrangrangan, lebeng kaot kakembene, asumping Anggrek Menur, uleng-uleng sekar Melathi, asimsim memanisan, jenarnya muda kung, cangget cenggeh paksa lanang, metweng jaba kalih kakange den iring, byakta kembar lumampah.
17
Ki Jyengraga ika ninggali, angga luka twas tanpa jamuga, amucang runtuh jambene, kewalik gentalepun, panindane den singgih dhihin, mesem Jayengsmara, arine dinulu, wikan lamun salah driya, Jayengraga wikan lamun den kawruhi, yen ambek kamanusan.
18
Ni rangdha Tilarsa papoyan glis, iku nyawa karo (hlm. 41) arinira, lintang dening pamujine, sing anglamar tanpa yun, sapa baya kang depun anti, awet dadi pataka, iku karsaningsun yen sih ayun alakiya, wong umbaran arsaa pan sun turuti, mesem Ki Jayengraga.
19
Olah-olah wus mateng sumaji, sampun surup Sang Yang Dewangkara, sampun masang sesandine, sesaose wus rawuh, tiningalan tuhwa lep arsi, sekul mungguh ing panjang, ing sesajenepun, tan ilang takona kena, wus sumaji sesajyan den ancanari, lah nyawa adhahara.
20
Ken Rara karo angeladeni, tansah ingarsa angraseng padam murub, wedanane asawang sasi, kala mangsa Kartika, pupure den rembug, asumpang jabung payudan, Jayengsmara atine den kuranteni, sarya ngesthi intingpar.
21
Ni Warsiki sireng lulukoni, akampuh jingga sinurat ing mas, sata patra sasumpinge, saya ngimbu ayu, Ni Warsiki sira ningali, mareng Ki Jayengraga, lwir thathit ambarung, kena ing asmara nala, Jayengsmara arine tansah den liring, wikan Ki Jayengraga.
22
Jayengraga celur ulatneki, api nora ameke basaja, tumungkul sarya angliring, dadya perang andulu, keneng guna kusuma rai, kepyaan Ki jayengraga, Ni Warsiki kanyut, atine muksa bayangan, aglis manthuk ing wisma nibeng gaguling, apipuyeng alara.
23
Ni Suwarsa pan wruh nayeng lungit, yen arinira angluh alara, smang marang tetamune, aris denira muwus, lara paran ta sira yayi, sapa anambanan, apalih dhedhukun, wikan yen hedhukun lanang, depun cewel arine anyewel malih, rame agagulaten.
24
Sampunnya dhahar adan aguling, Ki jayengsmara lan aranira, ni rangdha alon ujare, lah kaki anakingsun wartanan denira kaki, marmanira nglelana, shaing wisma maskun, sumaur Ki Jayengsmara, angulati wangsa manira pawestri, ical ing pagugulingan.
25
Ing lungane sadyane ruini, darmanira nora na uninga (hlm. 42), kesah kalih pawongane, sampun manira susul, sing negara norakepanggih, angres rangdha Tilarsa, ngerengen waranepun, lah ta nyawa asareya, mene dalu lah taawungua malih, lah nyawa narebanga.
26
Areman ingsun angrungu sangir, ing kina dok ramanira gesang, remen yen anggembyong sore, lakinira den tutur, doking kuna dhatengan pekir, santri aperabatan, Jayengsmara muwus, bibi paran kang rebat, Ni Tilarsa anutur wencana manis, lah nyawa leresana.
27
Wajib titiga kang den rasani, wijibina Allah lan Rasulullah, lan mukmin iku wajibe, mwang muhalepun, lawan malih wenanga iki, ramanira angucap, wajibing Hyang Agung, anane langgeng tan owah, sashipate tetep ing dzat datan gingsir, iku wajib ing Allah.
28
Muhal ing Allah yen kena mati, pepadha kelawan anak-anak, apesing Hyang muhal kabeh, mengkana wenangepun, anging Allah nenggih puruki, purba misesa jagad, angrusak amyangun, akarya sakarsanira, Jayengsmara wuwusira amisinggih, bibi atut mengkana.
29
Ki santri nyawa anewalani, nenggih iku wajib mungguh ing Hyang, andadekaken jagad kabeh, muhal iku yen wurung, ing wenange dene lastari, kedadehaning jagad, Jayengsmara muwus, salah bibi yen mangkana, wenanging Hyang den arani wajibneki, dadya idhepe salah.
30
Ki Jayengraga amuwus aris, akathah kakang wong kang mangkana, den ramji pangawikane, karane akeh luput, pangucape tan mawi dalil, dadya angangka-angka, yayi wancinepun, ing mindha nora kundur, jaman mangkin akeh kang wong jail ilmi, mider amrih pasilan.
31
Wajibing rasul lah kadi pundi, anakingsun nyawa ucapena, sapuranira den akeh, mwang kadi pundi muhalepun, lawan malih wenange nabi, lah nedha ucapena, nyawa anakingsun, lah wajibe mukmin pisan, mwang muhale lan wenange iki kaki, sira amertanana.
32
Wajibing Rasul nenggih puniki, amertaken sabdaning pangeran, abener (hlm, 43) ing wartane, puniku kewajibepun, ana dene muhale Nabi, kelamun agoroha, wartane puniku, muhal yen cidraa, ing jaize wenang sakit lan mati, bibi pamiarsengwang.
33
Anan dene wajibe wong mukmin, angestaken sabdaning pangeran, wartane utusan kabeh, pardhu jenenge iku, lampahena ing zahir bathin, saolahe sarengat, punika den ketung, muhale purba wasesa, ing jaize wenang rusak lawan mati, manira amiarsa.
34
Ni rangdha ika papoyan aglis, ing kina nyawa ana Rubiyah, wekasan ngucap mangkene, yen wong amuwus, atanya ing sira tah nini, apatah Islam sira, para sauringsun, angucapa Islam salah, Ni Rubiyah iku nora amisinggih, iku kadi punapa.
35
Ki Jayengsmara amuwus aris, atut salah bibi yen mangkana, ingaran syak ing Islam, ngucap insya’allahu, ing panggawe kang dereng yekti, kadya wong asembahyang, bibi saminepun, hukum Islam tan mangkana, ing yektine hukume wus den linggihi, dadya tan wenang syaka.
36
Ing salahe bibi kari wuri, karsaning Hyang bibi nora wikan, ing polah iki jatine, punika salehepun, Ni Bok rongdha mangkya nauri, nyawa maniran nedha, utamaning laku, lah ta nyawa agulinga, Jayengsmara aglis, sinungan gaguling, lah nyawa asareya.
37
Ni Warsiki dalu tanpa guling, Jayengraga kacipta ing nala, katon spari polahe, tan kena sinalamur, depun samun katon ing ati, kwir driya pinandam, tan kena aturu, Jayengraga tan asiha, pasthi ingsun mati sedhih tanpa kanin, yen sira tan asiha.
38
Sireping janmi pra samya guling Jayengraga ika pinaranan, teka linggih ing sandhinge, aris denira muwus, awungua kang Jayengraga, lah ta usadanana, kakang laraningsun, sasat anguripi pejah, depun tulus sihira mara ing kami, Ki Jayengraga.
39
Ki Jayengraga angling ing ati, mangko tah (hlm. 44) baya ana bencana, mingsar-mingser asung anggen, angling ing kalbuningsun, kaya apa tah ingsun iki, mandah weruha si kakang, paran polahingsung, sedalan winarahan, jayengraga den tutuh sariraneki, anging sun kapakena.
40
Dadya karsane mangkya ngecani, lah mintara yayi maring wisma, tan angrasa yen ig kene, sang rara nulya mantuk, Jyengraga tansah ing wuri, sarya kakanthen asta, Jayengraga rawuh, sira mangking pagulingan, depun rangkul sang rara den bisisiki, mangke ingsun papoyan.
41
Karana manira tan arabi, dene manira adarbe lara, tan samnya lan wong akeh ingsun lama tan payon, wus akrama tinilar estri, dene adarbe lara, ketang werangingsun, nora jaya ing wanita, Jayengraga bisane sarya anangis, meneng sangdyah karuna.
42
Sang rara ika amuwus aris, lah ingsun iki wus pisakena, lamaren saking sukane, lamun binjang wus temu, lah si biyang bisa nambani, yen nora tah beyaha, suk kawinen besuk, sanadyan nora nukua, Jayengraga anyipta wuwusira amisinggih, ing binjang lah sun lamar.
43
Jayengraga anuksma ing ati, manira mangke agagujengan, anutur ing pawartane, kang wus tumakeng laku, nenggih kina ika wong luwih, nora panggih syah wungga, yen ana den dulu, den cekel astane kiwa, Jayengraga anyipta tunggaling urip, dadya sang dyah kentaka.
44
Angres manahe Ki Jayeragi, tumingal maring sang dyah kentaka, tan sipi wau welase, nora panggih salulut, Jayengsmara kang den ajrihi, pan lintang sungkemira, dhateng rekanipun, anendhal wastra sampiran, den ulesi ingapit-apit gaguling, kenas Ki Jayengraga.
45
Mangkana malih Ki Jayengrasmi, Ni Suwarsa cinipta ing nala, raras ing jro supenane, angipi apulang yun, Jayengsmara katon ing wengi, ngerowangi sacumbana, Ni Suwarsa lulut, kena ing asmara nala, karanepun (hlm. 45) anglilir-lilir kepati, rarasing jro swapena.
46
Meh raina semu bang Yang Rawi, Jayengsmara lan ki Jayengraga, arsa lumaris prayane, bibi amit katengsun, muwah yayi katuna kalih, anedha panembrama, utang manira gung, bibi mangsa kawelasa, anauri ni rangdha wencana manis, lah sampun age lunga.
47
Anginepa nyawa den alami, arinira karo kunen sanak, malar dadia kanthine, bibi nedha katengsun, lah ing beijang manira wali, yen prapteng Ardipalwa, punika yen kontung, dene mangsa alamia, anauri ni rangdha wancana aris, poma nyawa balia.
48
Lah ni rara atangia kalih, kakangira nyawa mangke lunga, dingaren sira mangkene, baya lara nakingsun yen alara sun tetambani, kalih samya ngelong jiwa, paran kang dera nglung, angelung tungtung manira, dera tangi eh bibi eca aguling, dadya puwara lara.
49
Paran kang den baktaken nini, kakangira nyawa sangonana, sap tangan sungana jambe, lan dhastar sebe wungu, baktaken kakanta kalih, muwah dadahe pisan, lawan burat arum, lisah loloh lan kalembak, amintuhu sang rara asemu tangis, dhuh paran polahingwang.
50
Injang mintar saking wismaneki, sang rara kari kantuk ing tilam, samya sungkawa polahe, samya kamugeng kahyun, lwir kasebet pengawe sari, angga muksa bayanga, arine amuwus, si kakang asmu karuna, nora wirang wong amoyang den tangisi, sira uga pan iya.
51
Ni Tilaras lengleng driyaneki, sing kang den cekel muksa ing tangan, semang dening tutamune, anakepu den rangkul, Ni Suwarsa asemu tangis, ramanira tumingal, angres sira dulu katuwon Ki Jayengsmara, kaningaya tan arsa ginawe kanthi, anggur aja mampir.
52
Muwah sih malih Ni Ken Warsiki, salunganira Ki Jayengraga, lengleng mangu tanpa gawe, tenunane den pangku, Jayengraga kacipteng ati, lir melu katenuna, pan sasenteg (hlm. 46) mangu, tumurun aucul tampar, dedalane kang lunga depun tangisi, kepyan rangdha Tilarsa.
53
Ni Tilarsa waneh kuntrang-kantring, milya semang tan kena ing pangan, tumon polahe anake, sarirane den tutuh, telase Ki Jayengrasmi, ing wau sun gubela, sarywa ngusap ing luh, suka cacadening jana, salungane ing wuri kari prihatin, sun sidhep tan mangkana.
54
Ana parnah sanake sawiji, karsanira mangke pinaranan, dhukun Robaka wastane, wingi ingsun angrungu, arinira nenggih pan sepi, nora na kang apajar, yen lunga andhukun, Ni Sukeling apepoyan, Ki Wahuda anenggih lara kepati, menawi mangke prapta.
55
Ki rubuka ika aglis prapti, tiningalan kakangira prepta, arsa medhuna karsane, nulya anapa gupuh, kakang rangdha punapa kardi, amemarasi darya, kakang teka gupuh, lah ta kakang alinggiha, anauri ni rangdha wencana aris, sarya ngusepi waspa.
56
Ki Rubuka ariningsun kaki, anakira Ni Suwarsa lara, asudanana den age, lan Ni Warsiki iku, kantakane sadina iki, kaya wong kena guna, teka lengleng mangu, wingo ongsun dhedhayohan, wong amoyang awasta Ki Jayengrasmi, lawan Ki Jayengraga.
57
Ki Rubaka semu ujar lungid, kakang rangdha kaya apa sira, denira among ing rame, saking panarkaningsun, anakira sampun apanggih, lawan tetamunira, Jayengsmara dangu, anging ingsun nora wikan, sun tarkaa manawa nora sayekti, mesem Ni Bok Usada.
58
Nanging sih yayi Ki Jayengrasmi, lintang ingsun dening aparcaya, yen sun dulu zhahire, wikan ing bathinipun, sesolahe wong jatmika, tindak tandukepun, sumaur dhukun Rubaka, aywa tungkul kabisan dadaya lingaling, dening amrih kandela.
59
Balike yayi Ki Jayengragi, rare anom tur rada pathelang, katuring ulat guyune, saking panrakaningsun, anakira Ni Ken Warsiki (hlm. 47), rowange urip tingal, Rubuka amuwus, nora linyok ujaringwang, Ni Warsiki semune katoreng wadi, polahe wani priya.
60
Kakange mangke den papoyani, kakang rangdha manira saloka, ing wong estri wani wong len, wonten salokanepun, anadene pinet pralambi Srandulu Wikridita, ing salokanepun, asasiwo lawan macan, yen tungkula temahe den kadhemeki, meneng rangdha Tilarsa.
61
Karane kakang ingwang puniki, den bisa nenger ing nitya, andugeng twas samune, len sampun semu baluru, semuning wong riningring-ringring, nora manggya wirang, ing wong satya tuhu, wonten kang pinet saloka, salokane tirta sira amarasi, awis kang wong mangkana.
62
Wonten anake wadon sasiji, Ni Sukeling pan jajulukira, wus ana pepacangane, anging ginagat wurung, jejalukan nora nekani, warange salah tampa, ika karsanepun, menawa den gawe marga, kang den dalih semune tan den karsani, dadya malih sangsaya.
63
Ki Rubaka angutus ing Rabi, Ni Usada sira anglawada, lawan anakira mangke, lah mintara rumuhun, ingsun mene kari ing wuri, lawaden anakira, Ni Warsiki angluh, lan kakange Ni Suwarsa, karo iku anenggih lara kepati, mintar kang ingujaran.
64
Sapraptane sira nulya linggih, Ni Sukeling alon denya ngucap, uwa paran wiwitane, kakang Suwarseng dangu, darunane yen lara brangti, Ni Tilarsa angucap, babo anakingsun, adhatengan wong amoyang, wong kekalih awasta Ki Jayengrasmi, lawan Ki Jayengraga.
65
Ni Sukeling anglociteng ati, baya wingi wong kang liwat ika, kang asung semang wirage, sawengi uni ketung, sesolahe kacipteng ati, penyananingsun ing twas, sun sidhep andarung, weruha yen mampir griya, sun anginep ing kene teka sawengi, baya lengleng katiga.
66
Kaliru lan wong liwat wingi, lawan kang wong kalak ijo, akol asingkol (hlm. 48) polahe, papacangane ketung, yen ujare Ni Ken Sukeling, ingsun den paksaa, dening ramaningsun, manira mangsa gelema, den wadiyeng perahu ingsun lakoni, angur rara wudua.
67
Saya angles larane kepati, Ni Wursiki lawan Ni Suwarsa, wus lesah muksa cahane, Ni Bok rangdha andhulu, ing anake anjerit kepati, lah babu anglilira, arinira rawuh, lah ta nyawa suguhana, Ni Sukeling denya anangis kepati, lah kakang ingsun teka.
68
Tetanggane kabeh samya prapti, wong sakadang samya anglelawad, kang tangis umyang arame, samya atanya gupuh, bibi paran den angluh iki, ariningsun alara, ni rangdha amuwus, awirang yen sun tutura, lara mangke arinira ngluh kepati, meneng atebah jaja.
69
Tandra rawuh ini dhukun langkungi, glis akarya tulak karsanira, gupuh denya jumput jambe, panadine den puluk, sekabehe nora na kari, lawan suruhe pisan, wetara sagebung, lambene bintol sakajar, kaltengen ni dhukun tiga ing siti, sinaut ing cemara.
70
Sapraptane Ki Rubaka angutus ing rabi, Ni Suwarsa wau tiningalan, wus lesah ilang cahyane, swapane kagugu, marmanira alara brangti, rarasing jro swapena, Ni Warsikeng dangu, polahe den gugu, ing tilam kantu ketapil, marmane dadi edan.
71
Ki Rubaka angutus ing rabi, Ni Usada sira marenea, lah ta mantuka den age, ambilen ladingepun, Ki Wauda asung wejani, pan asung lading waja, sore sun aturu, wus mintar kang ingujaran, sampun sinung pangrupak depun tampani, dene dhukun Rubana.
72
Mangkya nambut pawohan tumuli, Jambe anom wus tinulis rajah, lawan Suruh temu rose, punika karsanepun, Ki Rubaka sira angesthi, sarta osiking nala, kang muguh ing suruh, Ni Usada semburane, wus den sembur kang angring nulya anglilir, bungah rangdha Tilarsa.
73
Warnanen mangke Ki Jayengrasmi, anglampahi parang jurang sengkang (hlm. 49), semu deduga lampahe, sumengkeng gunung-gunung, parang pringga jurangnya ngerumpil, liyep ponang wratmaka, dening lumut-lumut sela gung angapit marga, pudhak mure lwir wentis kesisan tapih, amangun larasmara.
74
Amewehi langening kang margi, padapaning jering kumelab kanginan, Angsoka sinom rumembe, lwir jinem apulang yun, sekar bana yayahing tulis, tinon lwir kaswaraga, kelasa baletung, wunya rateng abrang sinang, palisire jangga mekar amrik mingging, tinon lir pakasutan.
75
Angsana sekarnya wra ing siti, Mandhalika awok awilaten, arja Katirah warnane, padma Angrek sitangsu, munggeng kanan anggulilingi, lawan Angrek setata, ing pinggire enuh, pupusing lirang ambabar, jangga lumung lwir priya angol panepi, jinem angklar sinjang.
76
Aer tambang tinalangan Pring gadhing, sumyak swaraning tumibeng jurang, Kongkang munya ngerong arane, kadya wong apengayun, awruhan kadya ngaruhi, yen wonga anambrama, ing pangidhepepun, kagyat kang Pakung malesat, minangsa ing Pakis amilat mudiding, mingser angungsi sela.
77
Sela sayana tepining beji, sasoring angsana bra kang kembang, rum-rum sumawur sekare, angurambang ing ranu, puspanya wra kintir ing warih, kampir ing sata patra, genggeng-genggeng lumut-lumut, arjuna atur araras, sarya mangku sedhih ika den kemuli, awedhak lumut antya.
78
Jangkung tumeling-teling iang warih, anganti-anti surude toya, mina lit den prih silibe, Kuntul mincok ing wetu, Pencuk ika ena miranti, mencok ing tahen ragas, tumiling ing banyu, Cangak angancik ing tunggak, amrih angungak deleg gimingsir, mina lit sumemburat.
79
Kitiran munya ing pang aganti, awurahan paksi ingkang munya, derkuku ngungkung swarane, sinerenging paksi Siung, Prenjak Cucak Umung gumanti, ramya anacar wohan, paksi serang aselur, Gedhawa mencok ing epang, asasiwo angondhok (hlm. 50) arebut bukti, kasidan ramya ing pang.
80
Poh Bembem ika jajar lan Wuni, Poh Denta lawan Poh Mandhalika, Poh Ijo ika rowange, Jangkung awur lan Kuntul, munggeng tengen arebut bukti, swaranya tambang-tambang, mandra pan karungu, swaranya malu daluwang, anggurantal lawan swaraning sundari, lwir mardangganing wayang.
81
Lamat-lamat kawuryan arasmi, ing Ardipalwa kadugeng tingal, kaoton angungkul masjide, mari panarganing tingal, kedhap-kedhap ngawe-awe ing sang prapti, kadya den tumanduka.
82
Inggar manahe Ki Jayengrasmi, tumingal mangke ing tetanduran, kitri asangkep warnane, kitri ing pinggir ranu, morang dalan kang mujang ranti, perang ambabar mayang, gandarnya mrik arum, pamedharing mayang mekar, kadya gelung lukar sedhenge karasmin, ing jrone pakasutan.
83
Palagantung uwohnya adadi, Manggis Pijaten kelawan Duren, Dresyana guyu rowange, Salak lawan Kedhangsu, Nangka wulan Kecapi, angkatan abra sinang, sakare sumawur, anggrek lawan puspa Japa, andho-adho arok lawan Gandasuli, Jambu wer isi sata.
84
Alon-alon lampahe lumaris, Jayengsmara lawan Jayengraga, wus prapti ing banjarane, kalangenan dening dulu, upacaranipun aradin, warnane kang kusuma, winuryan alangu, arjuna lawan Jamirah, Parijata awor lan Jangga kasturi, amilet kamileten.
85
Patani antyan tuwha ngerawit, atirab gambar kederan toya, kayu Cendhana watune, bata bang benturepun, pinalisir Jangga kasturi, Jayengraga garjita, tumon tulisepun, atulis khabar naraka, kang kasisih atulis kgabar suwargi, Jayengraga kacaryan.
86
Masjid ageng linepaangrawit, tundha tiga pinanjangan sirap, sela Cendhani banture, kinikisan Pring wulung, ginelaran sayana ngerawit (hlm. 51), winancak Suji kembang, resik natarepun, kasongan bujanggga puspa, apadhapa sekara asenan asri, tinon kadya udayana.
87
Kaume kathah samya nginderi, pan samya amangun tapa, Syeh Pariminta ing Bang Lor, Syeh Modang munggeng Kedul, Unggyan Wetan Syeh Amongsari, Kilene Syeh Amongkarsa, samya mangun laku, asru brangta nireng sukma, anom-anom padha mangun sela murti, tan asih ing kadunyan.
88
Syeh Malangkarsa wonten ing masjid, wikan lamun wong sanake prapta, sasungun bungah manahe, denya sung salam asru, Malangkarsa sira ngaturi, sigra anjawat tangan, arine den rangkul, sung bakti Ki Jayengsmara, asagata Syeh Malangkarsa lingnya ris, daweg yayi katuran.
89
Alama yayi datan kapanggih, sun sidhep yayi sira palastra, dening nora na wartane, lawas nora ketemu, kaya na tri dasa warsi, dok anan ing Paciran, sring sun ucap dalu, kangen ingsun maring sira, anauri wencana Ki Jayengrasmi, kakang manira nedha.
90
Binakta mantuk Ki Jayengrasmi, Ni Ulengan arinira prapta, kang sun cipteng twas lamine, Ni Ulengan agupuh denya napa bagea yayi, aglis gelar kelasa, wus kinwan alungguh, wus acaos pamucangan, sampun sinung manampan den acarani, lah yayi amucanga.
91
Gupuh-gupuh arsa anemani, Ni Ulengan arsa olah-olah, nora nganti ing rowange, marang pawon agupuh, karsanira angambil kwali, dangdang kesandhung pecah, tugel buyungepun, titiyange katrajang, cangkok kewang ginecek senggih kemiri, Tales den dalih Bawang.
92
Aglis mulih angambil reragi, Ni Ulengan ika garegelan, tandran merucul kopeke, bedhah kakembenepun, kakopeke moler saguling, kaget Nimbok Uwaran, melayu kasokan werak, angrarintih den antep ing Kalajengking, mesem (hlm. 52) Ki Jayengraga.
93
Tetanggane samya nguningani, yen arinira apan dhatengan, kakang abagus warnane, perawan samya rawuh, lingsenira angrarewangi, sigra aucul tampar, Ni Wulanjar kedul, raramanira atanya, endi Ni Wulanjar sira nini, si kakang adhatengan.
94
Rarase amrih wau kuntrang-kantring, metweng jaba dadak sangga uwang, kapincal iku polahe, tan pegat manjing metu, Jayengraga den kulenceri, lelewa atanaga, lingisnya angungsu, metwang jaba ragan-ragan, buyung wuluh den tabuh pinatut gendhing, atembang samirana.
95
Olah-olahan sampun sumaji, Ni Ulengan asru denya ngucap, angutus kenca bature, denya asaji sakul, Ni ulengan asaji warih, sigra pra samya dhadar, sangkep ulamepun, mangkana Ki Malangkarsa, tetamune nulya den acarani, lah yayi adhahara.
96
Syeh Malangkarsa ika ngecani, selaminira amangun tapa, angirangi buka sare, tulus amangun kahyun, anging lamn dhatengan prapti, ika ngecani manah, denya nyamar laku, waged denya lamur lampah, ujub rija’ kibir sum’ah kang den jrihi, asru wedining sukma.
97
Ki Jayengsmara angling ing ati, si kakang iki ngecani manah, den singidaken lampahe, tindak katoryang semu, sumenga ingkang den kiringi, yen tuhwane wikan, denya muksmeng laku, tanpa yun kawantaraa, kang sawaneh lampahe kerana rai, sampun denya adhahar.
98
Suruping arka samya ngabakti, Syeh malangkarsa lan arinira ashalat maghrib watune, sampunya shalat metu, Malangkarsa munggeng surambi, lawan Ki jayengsamara, Malangkarsa muwus, yayi paran sadyanira, Jayengsmara sumaur wencara manis, kakang karsamanira.
99
Deningsun kaka sumengkeng angriki, angulati kakang sanakingwang, estri tan wikan parane, anis kalaning dulu, pawongane kakang pawestri, ika rowange kenas, wus manira ruruh, kedran (hlm. 53) luruh Jenggala, ing Kedhiri kakang wus ulati, muwah ing Lebuasta.
100
Parandene kakang tan kepanggih, karan manira dhateng ing tuwan, menawi wikan warnane, ingwong dinal dinuk, Malangkarsa nulya nauri, yayengsun apapoyan, kina sun angrungu, Rubiyah anom lumampah, kalih estri aparab Ken Selabrangti, sangka aing Wanamarta.
101
Ing wanantaka unggyaning mangkin, Syeh Mangunarsa wastane ika, anenggih kangken ipene, kang apajar maringsun, Ki Syeh Modang wastane yayi, mangke uga pun teka, wus sun undang wau, sun wartani yen dhatengan, Jayengsmara amuwus anggegerehi, lan kakang pinaran.
102
Syeh Malangkarsa anuwalani, injang-injang yayi pinaranan, pun kakang milwa andherek, ayun wikana ingsun, ingyaktine warnane yayi, nengih lakine prapta, Rubiyah puniku, awawasta Syeh Amongraga, nenggih kokum linabuh nora wikati, dok aneng Akisganda.
103
Tan kena tirunen iku yayi, polah iku sampun dumduman, tan gigndir kadadehane, mapan ing laku ku, alayara segara keni, amegata arongan ngekepa Jayengku, yaktine maksa padhaa, Jayengsmara tumungkul, angguwu wedi, kakang manira nedha.
104
Nadyan layara segara keni, panggih puniku mangsa mangkiya, kang ora hal iku dene, ewuh ingsun angrungu, kang ora hal tah iku yayi, lwir lelandhiping pedhang, nugrahaning kawruh, mapan kang aran nugraha, kanugrahan iku yayi anampani, kang tinampan nugraha.
105
Mapan kanugrahan iku malih, dadu rasanira kang awenyah, kaloka arsa ing akeh, kanugrahan puniku, nenggih uga welasaning sih kacane yen nugraha, ing pralambinepun, kadya ngilo paesan, wewayangan kanugrahan sukmaneki, kang angila nugraha.
106
Mapan semune angilo yayi, asung wikan yayi kang sinihan, anjateni kakasihe, semune ngilo, sinung wikan dera Hyang Widi, denya ngestoken niya, ing pangangkenepun, angucapa (hlm. 54) kina, kinarsaken ora purbaneki, jenengeka dadora.
107
Patemun nenggih iya syara yayi, kadyanggane toya sing ing tawa, akimpul uga karone, ing pakumpule iku, nora kena ngaran jeladri, muwah ra nana tawa, anta aranepun, anta yeku kanugrahan, Jayengsmara tumungkul anuksmeng ati, kakang manira nedha.
108
Yen wus sirna anging toya asin, kawinuhan asine segara, tawa sirna kajatene, asin jeladri iku, kang jumeneng nora kekalih, nanging ingkang segara, kang sedya purba agung, iku yayi depun awas, kang ingaran segara datanpa tepi, iku yayi den awas.
109
Mangkana yayi cihnane cermin, rupa jro paesan sampun sirna, mantep rupane dheweke, kang sinihin kalimput, dadya jeneng rupa pribadi, limput tan nana wikan, kedya doking dangu, samya wruh pribadinira, Jayengsmara sumungkem ing pada kalih, lawan Ki Jayengraga.
110
Kalangening Ki Syeh Modang prapti, wacananira, Syeh Malangkarsa, rawuh kabeh sakaume, Syeh Pariminta rawuh, sakaume Syeh Amongsari, wikan lamun dhatengan, ingacaran gapuh, yayi den mara ingarsa, asung bakti Syeh Modang Syeh Amongsari, lawan Syeh Paraminta.
111
Syeh Modang mangke lingira aris, manira kakang nenggih miarsa, ing Wanantaka wartamne, wonten rubiyah rawuh, wastanepun Ken Selabrangti, anomyu lumampah, lan titiyangepun, pra samya anandhang bawa, pawongane awasta nimbok Cwnthini, wismane Wanamarta.
112
Ki Jayengsmara amuwus aris, puniku kakang nenggih miarsa, ing Wanantaka wartane, wonten rubiyah rawuh, wastane singgih, menawa ngalih aran, Selabrangta iku, amuwus Ki Jayengraga, sabda gugul kakange den gagorohi, lah kakang pinaranan.
113
Syeh Modang sira amuwus aris, boya lawan manira miarsa, wonten kalih rina mengke, anggeningsun arunggu, santri Munthel ingkang awerti, kangken sisihanira, dening ipe (hlm. 55) nepun, awasta Syeh Mangunarsa, apepoyan yen arsa akirim tulis, mara ing Wanamarta.
114
Syeh Malangkarsa amuwus aris, lah ta yayi padha pinaranan, sitangsu sampun sumare, Ki Jayengsmara muwus, lah anedha kakang sun iki, arsa tummut sedya, mangke kaumepun, wus adan Syeh Malangkarsa, tandra rawuh Ki Munthel angemban tulis, mara auluk salam.
115
Wus sinauran salamira ris, denira mangke Syeh Malangkarsa, Syeh Modang ika wuwuse, inggih tiyang puniku, kang ing uni, pan gepah sinambrama, wus samya alungguh, ing ngarsane Malangkarsa, asagata Syeh Malangkarsa amanis, lah bagya kang dhatengan.
116
Punapa yayi wontena akardi, agung toya wismeng Wanantaka, prapta kalimbak ing kene, santri Munthel sumaur, lah ki reke manira nenggih, dhateng ing Wanamarta, ngemban tulisepun, anenggih Ken Selabrangta, asung warta ing wangsa mring yaya bibi, ika wiyosing layang.
117
Lawas kinon mampir ing riki, asung salam dhateng pakanira, kang pinanta penedhane, tuwan kajana kasub, lamun tuwan amangsun singgih, putus awicaksana, nastiti ing laku, nastiti ing laku, lah tuwan nedhakena, amongraga ina reke kasewa sih, tuwan tuwan tatedha kena.
118
Syeh Malangkara ngociteng ati, ingulatan sajrone wardaya, punapa baya samune, Syeh Amongraga iku, santri Munthel mangke mring riki, angemban salam dunga, pan ingsun dereng wruh, maring Ki Syeh Amongraga, Jayengsmara taganewus den kawruhi, yen aneng Ardipalwa.
119
Syeh Malangkarsa amuwus aris, wong punapa kang kadya manira, yen den priha ing sababe, apungguh kurang ilmu, yen angucap nora sayekti, lwir yen lulut ing deyah, ing waktu pan suwung, amung napsune sadina, aneng pawon angadhep kopat Serabi, Lepet kelawan Jenang.
120
Balik Syeh amongraga wong luwih, sampun antuk (hlm. 56) jatining lumampah, pan wus wukma sapolahe, ika manira ngerungu, Amongraga kina ngelebeti, dok aneng Akisganda, linabuh tumimbul ing lampah singgih, lamun asih amitra.
121
Syeh Pariminta den kujiwati, iki sih tandhane wong kawasa, den alingi karamate, tan kandheging riku, tanpa yus wiwaling, swarga, ing kramate kabotan angrarebedi, yen selaya kangelan.
122
Karanepun ingkang wong linuwih, datanpa yun kandheging karamat, anenggih laku silibe, wonten pralambinepun, kadya liman sinung kesaktin, manjing mring wriwara, ning jeromat alus, wus lega awake ika. Kari-kari sesek dening buntutneki, manira amiarsa.
123
Lan tan manira iki ki santri, ayun wikan tanduking nawala, ki Munthel ika saure, tan wonten bangginepun, mangke sinung dera tampani, dening Syeh Malangkarsa, nawalanira wus, den lirik Ki Jayengraga, sampun wikan anulya dera tampani, dera Ki Jayengraga.
124
Wicana dening Ki jayengraga, nawalanira Syeh amongraga, anyahi ati tanduke, punika layangepun, suta tuwan pan Tambangraras, punika tur upiksa, ngerama kalihepun, Tambangraras agesang, putra tuwan Amongraga sampun prapti, wonten ing Wanantaka.
125
Muwah ariku Ki Jayengraga, den agung pangapurane, sun lunga tan asung wruh, kakangira Ki Amongraga, rarasing jro swapena, marmaningsun kaswapena, Jayengsmara yen asih aywa tetuwi, lawan Ki Jayengraga.
126
Angrus manahe Ki Jayengrasmi, amiarsa tanduking nawala, tan wruh dok mijil waspena, wiyosing manah segul, waspanira tan pegal mijil, muwah Ki Jayengraga, tan kena amuwus, sihira mring Selabrangta, layang tiba ing siti tan den kawruhi, kantu Ki Jayengraga (hlm. 57).
127
Mangkana malih Ki Jayengrasmi, kapotangan manah tanpa ngucap, tuminggal kantu arine, anglilir denya kantu, Jayengraga rinangkul aglis, dening Ki Jayengsmara, kalih manah segul, arsa sira nandhang bawa, arsa tapa aparab Syeh Amongsari, lawan Syeh Amongraga.
128
Syeh Malangkarsa angling ing ati, iki sih iwuhing wong lumampah, kewuhan dening tresnane, tapane akeh kundur, Ki Syeh Modang den kujiwati, iki musuh digjaya, Syeh Modang anuhun, wuwuse Syeh Pariminta, kang tinedha sih pitulunge Hyang Widi, muga tulusa kena.
129
Wus sinambrama Ki Munthel amit, Jayengsmara ika lon angucap, paman manira ataken, manira wekas atur, aturena ing rama kalih, pan aneng Ardipalwa, dening boya mantuk, wus amit anjawat tangan, santri Munthel karsane ika anuli, lampahnya majang wulan.
130
Enengana Ki Syeh Malangkapti, lan arinira Syeh Amongraras, Ki Munthel ika lampahe, samarga kapirungu, atut lebak-lebak kapiraning, atut mujar acala, denira lumaku kanginan kang wuluh wungwang, angulawang kadya pujining birai, Ki Munthel anggrahita.
131
Wus raina mijil Sang Yang Rawi, santri Munthel denira lumampah, angenak-enak lampahe, kongang pradesanepun, atut lebek sabin kapiring, kongang ing Wanamarta, masjide angungkul, kelawukan ampak-ampak, Pakis karendha lumarap kaduking liring, kadya totonen ulat.
132
Warnanen mangke Ni Ken Malarsih, saluganira Ki Jayengsmara de tutuh dening priyane, yen dalu tanpa turu, yen raina aanggeng prihatin, lungane Jayengraga, angrasa kaduhung, kadya ngemasana teka, Ki Panurta rabine den pituturi, lah edan temahira.
133
Tambangraras wus karuhun mati, Jayengrasmi lan si Jayengraga, mung sira tingali mangke, nora sira pintuhu, ujaringsun ing sira nini, mangke nora angrasa, yen sira kaluwung , matia Ki Jayengsmara, den abecik sun lunga sira ing wuri, tan wung sira edan.
134
Balikan sira den anampani, semuning Hyang yayi (hlm. 58) maring sira, ingalapan kekasihe, iku sira den wruh, aywa tungkul ing renes yayi, tingalira den ana, aja wit kalurung, den wikan kang amisesa, awakira sorena kelawan bakti, malar kasatmataa.
135
Balik den rena titahing Widi, rumasa yen kapiutangan, pinelenging kadadyane, pelagira puniku, sinung budi amilih, nora sami lan hewan, yayi depun weruh, ingkang amisesa jagad manusa sinung budi antya luwih, cihnane yen sinihan.
136
Balik sira den asih ing nabi, mertaken sabdaning pangeran, asung wruh ala becike, mapan manusa iku, sinung kama dera Hyang Widi, kinon amiarsaa, pituturing Rasul, sing tan aidhep ing warta, jinangjeken dadi isining Yomani, aneng jrone naraka.
137
Tekaning budi nimaken budi, amilih mangke kang sia-sia, ania-nia dheweke, paniku marmanepun, yen manusa milih budi, wikana ing akhirat, agung siksanepun, tumpa-tumpa ponang siksa, siksa kubur ping kalih siksa Yamani, aneng jro neraka.
138
Balik sira den anglampahi, yen sinung lara dening pangeran, renahe ing satitahe, iku ingsun angrungu, singgih ana sabdaning Widi, sing sapa sinung lara, ing sadina iku, wawalese siksanera, anglampahi ing dhuh setahun iki, iku sun amiarsa.
139
Karane nini ika wong luwih, belai ingkang nyiwane margi, saya wuwuh biraine, punikasun angrungu, ingkang mungguh sunate wali, ika anedha lara, nora yun katungkul, ing renes lawan pakenak, yen katungkul minak aduh mring Hyang Widi, tingalira warana.
140
Anadene sunate wong mukmin, yen sinung lara dening pangeran, aywa apepoyan geme, asimpen laranepun, ing sadina lawan sawengi, agung paganjarira, wikalane agung sapa amartaken lara, ingaranan awewadul ing Hyang Widi, tan kapitujan ing Hyang.
141
Nenggih sunat kang mungguh ing Nabi, asih ing sajrone sengit ika, asengit sajrone sihe (hlm. 59), ewuh ujar puniku, depun kena marinci, wuwuse Ki Panurta, ika den katemu, tan kena yen pamesana, wuwus iku den kena dera nampani, menawi temah sasar.
142
Marma ngres manahe angrungwa ngling, Ni Malarsih tan ken anagucap, amiarsa pituture, adan aucul gelung, padanira ngesapan weni, dahat kapiutangan, anarimeng wuwus, nangis sauripun sembah, Ki Panurta bisa denya angeres twase aningali, ing rabi anut karsa.
143
Winenehi linus tur den ririh, Ki Panurta bisa denya nabda, sarwaya anglus ing remane, Ni Malarsih anuhun, dahat asih mule tur wedi, tan arsa lenggahana, anarimeng wuwus, dadya asrah jiwaraga, Ni Malarsih kadya tanpa darbe kapti, anut karsaning priya.
144
Ni Malarsih wuwuse amanis, santri lungsir bapa marenea, anjaluk suka den akeh, ulatana nak ingsun, yen kepanggih Ki Jayengrasmi, lah mardikaa, ki santri Lungsir amuwus, singgih kawula anedha, santri Lungsir teka ing jaba anangis, kaetang kakangira.
145
Warnanen mangke ki santri Lungsir, lampahira wus prapta ing awan, sampun kawingking desane, lampahira andarung, anut lebak sabin kapiring, wratmaka geng ajembar, anut ing marga gung, Ki Munthel katemeng liring, ana lingggih ing lirang den lelendhehi, sarwa tumengeng lirang.
146
Satingalira Ki Lungsir prapti, santri Munthel kepanggih ing marga, alinggih ing sela gene, kangelan gen lumaku, asasendhen kasongan sari, dangune abra mekar, langit kang dinulu, katon kang mubeng jagad, santri Munthel enenga awetu puji, lwir rengihing bramara.
147
Ki Lungsir prapta den takoni, kang pundi desa wanamarta, Ki Lungsir alon wuwuse, nenggih desa kahayun, santri Munthel amardi malih, lah bapa sira wikan, pundi parnahipun, wismane gueti Panurta, anauri Ki Lungsir Wencana (hlm. 60) aris, nenggih gusti manira.
148
Suka manahe Ki Munthel angling, yen mangkana bapa tuduhena, manira iki kiningken, ambakta suratepun, Tambangraras atur upaksi, lamun wonten agesang, Amongraga rawuh, ing mangke kirim nawala, asung warta ing sanak mwang yaya bibi, yen wonten ing Wanantaka.
149
Suka manahe Ki Lungsir angling, manira iki malih tetiyange, punika wangsanepun, wastanepun nimbok Centhini, wonten baya agesang, Ki Munthel sumaur, kangken rubiyah manira, santri Lungsir gupuh denya asung bakti, dhuh kakang sanakingwang.
150
Binakta mantuk Ki Munthel aglis, age matur ing gusti Panurta, samya gita sarawuhe, tumon Ki Lungsir rawuh, tiningalan ambakta tulis, Ki Panurta anabda, surat paran iku, Ki Lungsir nulya wot sekar, putra tuwan punika atur upaksi, wonten ing wanantaka.
151
Kang kineken nenggih womten jawi, singgih kangken sisiyan kawula, ing wau dening iene, Ki Panurta amuwus, lah undangen bapa den aglis, mangke wus ingacaran, santri Munthel rawuh, gupuh sira sinambrama, jawat tangan Ki Munthel nulya alinggih, ngarsane Ki Panurta.
152
Winaca mangke dening ki gusti, nawalanira Syeh Amongraga, singgih punika tanduke, punika seratepun, suta tuwan sung salam bakti, katur ing bibi rama, kawula sung weruh, yen atmaja tuwan gesang, putra tuwan Amongraga sampun prapti, wonten ing Wanantaka.
153
Muwah ariku Ki Jayengrasmi, lawan ariningsun Jayengraga, den agung pangapurane, dok lunga tan asung wruh, kakangira katameng brangti, twasnya ing kakangira, marmaningsun ngelampus, ing dalu ngong aswapena, Jayengsmara yen asih aywa tetuwi, mara ing Wanantaka.
154
Enti bungahe Ni Ken Malarsih, uwa bibi kabeh samya prapta, muwah jajahane kabeh, antya samya nenungsung, rayi kaka mwang para wargi, paman mwang mitra kadang, Ni Sumbaling (hlm. 61) rawuh, sesugun angrengen warta, Ken Turida kelawan Ken Rarasati, lwir wraksa aking-kingan.
155
Ki Munthel ika amuwus aris, anenggih tah suta tuwan, Ki Jayengsmara wastane, kelawan, Jayengraga punika uni, wonten ing
Ardipalwa, kinaweling atur, maring tuwan lawan ing garwa, anglampahi aparab Syeh Amongsari, lawan Syeh Amongkarsa.
156
Ken Tunda lan Ken Rarasati, sampunnya ngrengen swara mangkana, kalih samya ngembang luhe, anom tinilar tengsun, muwah malih Ken Malarsih, kelawan Ki Panurta, kalih samya segul, ketang inaning sarira, ingkang rare nom-noman amangun brangti, isun tuwanggeng mendra.
157
Anulya jerit Ni Ken Malarsih, tan bisa ngregep tresna alara, akeh kang dadi trenane, Ki Panurta lingepun, lah kantuna yayi Malrsaih, sun lunga anglelana, arsa tilar dhukuh, malarta yen kepanggia, Jayengsmara kelawan Jayengragi, sira agawe brangta.
158
Ni Malrsih wuwuse amanis, sun melu kakang saparanira, tan bisa kariyeng akeh, tan wurung mati lutut, yen kantuna manireng riki, tan bisa angawula, kari awakingsun, sun melu saparanira, den wadya ing paran ingsun emasi, kakang sakarsanira.
159
Wus sinambrama Ki Munthel amit, lampahira wus prapta ing awan, tan kawarnaa lampahe, Ki Panurta kawuwus, akaliyanh Ni Ken Malarsih, tansah ing arsanira, tan pegat amuhun, ketang ing wakeka sira, Ki Panurta amuwus sabdanya manis, lah yayi age lunga.
160
Adan mintar Ki Panurta aglis, Ni Malarsih lumampah ing arsa, sampun kawingking desane, aglis denya lumaku, lampahira mangke anuli, Ki Panurta angucap, maring garwanepun, lah yayi sesilioh aran, wastanepun Ki Syeh angrundhayajati, punika wastaningwang.
161
Anadene wastanira yayi, Ken Prihatin yayi parabira, aywa lali kamulane, arsa sumengkeng gunung, karsaningsun yayi Prihatin (hlm. 62), ing wukir Muncar ika, ana kang sun ruruh, ingsun aduwe wong sanak, kalih siki dok ingsun amethelangi, duk lumaku angental.
162
Ken Prihatin wuwuse amanis, lah anedha mangke pinaranan, manira yun wruh jatine, Angrundhaya lingepun, nulya mintar seka ring riki, menawi tah panggia, lawan sanakingsun, anengih padha wibawa, bagus anom pandhita partameng kawi, tur bagus ing aksara.
163
Ki Carik Sutra wastaning mangkin, papat rabine padha utama, tur anom-anom warnane, punika karsaningsun, kang sun jujug mangke runihin, anglis denya lumampah, jurangnya saterjang, lampahe katawing-tawing, parang rejeng jurang ajro den lampahi, tan etang pringgabaya.
164
Batang kendel lampahe lumaris, wana baya ingkang tinarejang, lepas tan kandheg lampahe, pan kasaleking jawuh, lampahira Ni Ken Prihatin, pan satengahing wana, udan awor lesus, tan manggih parerenan, Ni Prihatin liwat denya kawlas asih, awlas Ki Arundhaya.
165
Yang Arka kuwung-kuwung andhani, kilat thatit reke aabarungan,kadhulug munya wetan lor, papedhutnya sumaput, gebyar-gebyar kilatnya narik, petenge alimunan, dhedhet awor lisus, pater mandra kidul kilen, sinauran ing gerah saha girisi, mendhung acaladara.
166
Ingendi gening araryan iki, apan nora manggih panginepan, ana wraksa rob godhonge, lan araryan ing riku, lampahira yayi Prihatin, tatas tibaning warsa, wus ilang kang jawuh tandra mijil Yang Aruna, wayahepun tengange liwat sadhidhik, lwir butul kang akasa.
167
Sampunnya tulus tibaning warsi, angundhaya saksana (hlm. 63) lumampah, tumurun ing parang rejeng, nulya sumengking gunung, ajog-jogan sitining miring, lunyu mentas kodanan, kadekan anjurung, warnanen denya lumampah, aningali padesan sri angrawit, desane Carik Sutra.
168
Depun selek lampahira aglis, ciptanira pan arsa araryan, sampun prapteng banjarane, asri pagaganepun, tetaneman asri angrawit, kathah den ucapena, winurywan alangu, Tales Bakatal Balungka, kang akitri samya naniram kang estri, toyanya sasinggotan.
169
Rame swaraning atunggu gagi, ana ngedung liyan kang gambangan, saweneh ana andugeng, rame kang wong gumuyu, sawenehan ana kekawin, carita wewayangan, kang asegak umung, ana weneh tetandhakan, kang saweneh ing ranggwan anebang suling, wenenh acacangkriman.
170
Rare angon padhamaring warih, dus maesa ngalap ulam, wenenh den giring sapine, kang sawenenh amanggung, maring ranggwan atunggu gagi, kabeh sarowangira, padha lunga adus, samya siram maring toya, kang saweneh rowange angajak mulih, samya ngambil kaluban.
171
Ki Samursa kepanggih ing gai, ngunduh jangan kelor lan kalintang, jur botor kacang lan Gudhe, sampun angundhuh Kimpul, den tingali ana wong prapti, Ki Samursa anapa, wong endi kadulu, samaur Ki Angundhaya, atatanya sedyaningsun maring riki, kaki anilakrama.
172
Ingendi wastane dhekah puniki, asri tinon tuhu raras, asangkep tetandurane, Ki Smursa amuwus Argamuncar wastane iki, lah bapa sira wikan, pundi parnahe, wismane Ki carik Sutra, Ki Samursa angucap sabdanya amanis, dhekahe ing Bang wetan.
173
Angrundhaya wuwuse amanis, pundi marganing punang pagirywan, lerese teka ing akeh, lah barenga katengsun, tunggal wisma elet sekelir, adan pareng lumampah, Sumursa rumuruh, aglis prapteng sireng wisma, Ki Samursa aglis (hlm. 64) malebet ing kori, matur yen adhatengan.
174
Carik Sutra dan lingira aglis, maring para garwane sedaya, lah sajia woh den age, ana tetamu rawuh, wus kacaran wau kang prapti, dok dhateng panataran, Carik Sutra dulu, tan supe yen Ki Panurta, wus anjawat tangan dan pareng alinggih, langkung samya kasmaran.

0 komentar:

Posting Komentar