Selasa, 27 Januari 2015

Serat Centhini Pegon Pupuh VI Asmarandana

01 Sigra lampahe (hlm. 74) lumaris, Ni Indhanng sampun murcita, pan sampun prapteng wismane, Ken Turida kang kocapa, prapta ing jurang pringga, parang munya sumarung, kadya atuduh ing marga. 02 Wuluh wungwang lwir sundari, sumarawang aneng tawang, kadya ken gancang lampahe, prapteng geger lampahira, ing jurang wingit muwah, saksana tumulya rawuh, jurang munya sumarawang. 03 Parang munya kadya gendhing, parang pereng samya munya, udan awor barat gedhe, gardha rebah kapraharan, gelape asauran, udan peteng sumaput, kagyat Ni wadon Turida. 04 Ken...

Selasa, 20 Januari 2015

Serat Centhini Pegon Pupuh V Dhandhanggula

01 Larapati pan sampun pinasthi, krama pati wus pasthen marganya, tan suwe, prapteng ayune, memedi teka runtuh, nulya ngucap dhuh mambu wangi, wangi-wangi aenak, daya temen ingsun, ana wong mara ing griya, ayu anom roro pra samya pawestri, mangke sira sun mangsa. 02 Sun mangsane mangke depun aglis, mandahane karo dening renyah, amoh tekan ing balunge, angerik swaranepun, jatha gimbal rema angirid, netra abang sunirat, lwir sarya dinulu, mijil saking kayu gurda, rengih-rengih cawete dinulu jrihi, sarwya ngucap mangkana. 03 Adhuh mati sira...