Selasa, 13 Januari 2015

Serat Centhini Pegon Pupuh IV Asmarandana

01
Enengena kang martami, kocapo wadon Turida, akekalih samya brangtine, awasta Ken Wadon Raras, warna sawang kunarpa, sarira acum akuru, tan pegata anggung kasmaran.
02
Alara-lara anangis, Ken Raras lan Ken Turida, sapatilare nora lyan sasambatira, Jayengsmara mulia, yen tan tulus sihireku, angur ingsun palastra.
03
Yen wikana suntutiti, rabinira kari edan, langleng mangu ing daryane, Ken Turida anjerit sira, nulya medal ing jaba, kadya kapanggih lan kakunge, uni wengi kaswapena.
04
Katon rowange aguling, lalewane amet darya, kaya sumandhinga, mangko kadya ngemasana, lan kakang tetuwia, Jayengsmara gustiningsun, selamine garwanira.
05
Swarane sang dyah wus mati, denya asru sasambatnya, angelik mangke tangise, kakungira kang sinambat, Jayengraga mantuka, sun sidhep nora anglapus padhaa dalem Panurta.
06
Lagi teka laki mami, kinon wali jajah desa, amegat wong laki mangko, akeh mangke den alara, dalem Panurta uga, lungane nora weh weruh, sun melu saparanira.
07
Norana becike iki, lanang wadon pada ala, saya katonton alane, wong tuwa kinarya paran, megataken wong krama, baya nora konggang wangsul, lah tuliyen ingsun kakang.
08
Asambat-sambat ing laki, Jayengraga lah mantuka, baktanen kakang garwane, baya ta sira palastra, kakang baktanen ingwang, aywa sira age mantuk, kakang antenana marga.
09
Uni wengi sun angipi, katon rowang sacumbara, kakang nora betah ingong, sapatilarira, kakang angur baya matia, tanpa wekas awakingsun (hlm. 65), sumbalinga dadi edan.
10
Ken Raras amuwus aris, lah poya lunga ngelalana, Ken Turida amgling alon, wus sun alah tilar wisma, lawan atilar dunya, nora kongang awakingsun, Jayengsmara lah mulia.
11
Wus sumurup Sang Yang Rawi, sidhem tejane kakaywan, samber Lelawa wayahe, muya katerna ternika, pating kalerik swaranya, angesthi pejah sang ayu, nulya amengaken lawang.
12
Karsane anyipta pati, Ken Raras lan Ni Turida, lumaris mangke lampahe, sedlan awirandungan, Ni Turida Ni Raras, tan wikan ing marganingsun, reren soring gandhayakan.
13
Sang dyah lampahe lumaris, anuju ana geng ika, wus tengah wengi wayake, datan uninga marga, saya kalunta-lunta, alon lampahe andarung, anuju siti kang bentar.
14
Sing akeh lawan durbiksa, pating jalerit swaranya, sang dyah nyipta mati karo, Ni Turida mangke ngucap, lah ingsun patenana, kekalih lan ariningsun, dimoning cinucuk dhangdhang.

0 komentar:

Posting Komentar