Selasa, 27 Januari 2015

Serat Centhini Pegon Pupuh VI Asmarandana

01
Sigra lampahe (hlm. 74) lumaris, Ni Indhanng sampun murcita, pan sampun prapteng wismane, Ken Turida kang kocapa, prapta ing jurang pringga, parang munya sumarung, kadya atuduh ing marga.
02
Wuluh wungwang lwir sundari, sumarawang aneng tawang, kadya ken gancang lampahe, prapteng geger lampahira, ing jurang wingit muwah, saksana tumulya rawuh, jurang munya sumarawang.
03
Parang munya kadya gendhing, parang pereng samya munya, udan awor barat gedhe, gardha rebah kapraharan, gelape asauran, udan peteng sumaput, kagyat Ni wadon Turida.
04
Ken Turida mangke angling, arine kinon yatnaa, depun wruh ing bencanane, udan adres kaywan sempal, gurba munya agalak, ing jurang pating saruwung, saweneh munya angakak.
05
Peteng mendhung jagadneki, pating jalerit swaranya, kagyat Ni Ken Raras manko, gumeter kepatisira, uwangsa lit menga, angucap ing kakungepun, niba tangi lampahira.
06
Ana ngalor ngidul iki, bengung tan wuninga marga, kasadhung kuntal tibane, adhuh mati ingsun kakang, aglis wadon Turida, anyandhak arinireku, adhuh mati ariningsun.
07
Rinangkul Ken Raras aglis, adhuh mati ariningwang, baya mati sira mengko, Ni Turida lon angucap, mangsa wurunga pejah, katuwone awak ingsun, angur matiya dok jabang.
08
Tan wande ingsun ngemasi, angur baya palastraa, apa kang peranti, mangke lah jasad sira, matinya ing akeh marga, pejah adelap urip, wakingsun paran deranti jasad.
09
Dadining ana sireki, dok ana ing wong atuwa, ing kuna wong tuwa mengko, saenggenku kawlasarsa, alit mila tan dreman, lelakuning awakingsun, dadining apa dok kina.
10
Lagi sirna udan angin, bencana gung akeh prapta, tan ana lan alit mangko, sumyar sumirat tejane, sumawur ririsira, pethak tejane sumunu, sumirat neleni jagad (hlm. 76).
11
Maletuk kang riris alit, Ni Turida sampun dandan, Ken Raras kang tinon mangko, kadya rare alit sira, muni kang pringgabaya, anut lebak lampahepun, wus lumaris lampahira.
12
Lepas lampahe lumaris, prapta ing jajahanira, Ken Turida mujar alon, kelawan Ni Dewi Raras, anon ing padhukuhan, pucuking arga kadalu, babature babanjaran.
13
Waspada denya ningali, banjaran asri kawuryan, angling Ni Turida mangko, angucap ing arinira, ika dhukuh araras, lah yayi mampir ing riku, yayi padha atatanya.
14
Menawi yayi puniki, ingkang aran Argasalah, Ken /raras winingsit alon, lah ta yayi adandana, aja kaya wong apa, mesem yayi yen su dulu, manis lamun asayaga.

0 komentar:

Posting Komentar