Selasa, 06 Januari 2015

Serat Centhini Pegon Pupuh I

01
Bismillahirrahmantirrahim, wong angripta atembang artati, anglengkara wong angapus gita, tan patut lan yatmakane, dening wong mudha punggung, cumanthaka paksa kuwawi, kewala sung paguywa, nira kang wus luhung, wonten janma linengkara dyah susela warnanira ayu luwih, wasta Ken Tambangraras.
02
Tambangraras tansah brangta kingking, kasaputan betaning manah bawa, lawase tilar kakunge, anembang pangan turu, yrn raina anggung prihatin, raga anggung asmara, angging den selamur, cihnawe wong among karsa, warna angling jiwa tandhane prihatin, sinamun ing asmara.
03
Sampun lingsir, Sangyang Swandagni meh sumurup tungganging ancala, ternalate samya sare, Sangyang Arka sumurup, Tambangraras mangke ginupit, munggah ing pagulingan, ing sakapat arum, asare kalih pawongan, kakungira kepi ngeruwangi guling, ngipi pulang asmara.
04
Karagan-ragan swapenaneni, angrok asmara apulang raras, rageming jro swapenane, kadya duk uripipun, ing jro swapena apulang rasmi (hlm. 1), leliwatan den tilar, meh prapta ing kayun, kagyat dening wong anggentang, sanglilire gaguling den sungkemi, Tambangraras karuna.
05
Dennya anangis anjerit kapati, awor lulu ting asmara nala, rageming jro swaapena, bantal teles dening luh, penangise angler sundari, sesambat lir taluktak, tangise ambarung, sinrang lan krosoking toya, panangise tan pindah swarane, oreg anggepok parang.
06
Tan pindhah bremara ngusweng sari, aneng tawang tangise raras, asor kang madu manise, sesambatnya mlas ayun, amumpuni kang sarwa sari, tan pindah madu brata, kalatya mangun yun, lawase dyah jrone pura, penangise katon langene jro puri, duk jinatening tilam.
07
Pawongane iku matur aris, paran marmane sang dyah karuna, ayun wruh ing darurane, suwapenane tutur, gustinira babu Centhini, ing wau kaswapena, ngruwa ing atur, teka ambantali asta, sraya ngayuh madya tur angaras pipi, marma nangis karuna.
08
Tigang warsa kirang kalih sasi, patilare babu gustinira, during katon ing pangipen, balik duk uripipun, lamun lunga ing wengi kepi (hlm. 2), angirimi asmara, babu watekipun, anging wau kaswapena, lelewane kaya saban duk aurip, marmaningsun karuna.
09
Gustine mangke den pituturi, sampun panjang pinreming wardaya, yekti luluh puwarane, balikan sinalemur, depun tulus pamrataning ati, akewet wong dadi edan, dening manah nglampus, sinamun ing brangta mreng Hyang, sinengker tan birahi maring Hyang Widi, rena satitahing Hyang.
10
Meneng sang dyah anuksma ing ati, amiarsa ature kawula, amicareng jro driyane, aris wijiling wuwus, mengkonoa babu Centhini, polahe gustinira, kadya amamungu, polahe brangta angarang, awak ingsun mangsa gagapa basuki, angur matiyeng wana.
11
Lampusing manah atemah brangti, arsa tilar sireng kawibawan, anggangge tambal karsane, Ni Centhini winuwus, asalina bawa tah nini, lah lunga angrubiyah, sun tilar bapebusun, ataki-taki, lampahsun, pepareb Ken Rubiyah Selabrangti, sun lunga anglelana.
12
Cangcalane twas lan anggung brangti, marteguh kesthi westining angga, lucita tinemu rehe, marmane anggeng wuyung kagrahita ing manah rusit, ing mangsa murgedha twan, kerwan ngangken tanu, apakara ing kawiryan, kewala santa pangringing-ringing ati, marmarening antara.
13
Adan mintar sira majing sasi, wus angganggya tambal tinambalan, mintar den cangking kaskule, kalih tatiyangepun, nora etang yaya bibi, muwah kang wong sakadang, donya nora ketung, lungane apekarasan, Selabrangta kesahing tilar rarepi, lampahnya majang wulan.
14
Lepas lampahe Ni Selabangti, anglampahi parang jurang sekan, nora kandheg ing lampahe, larinya lon andayung, nora etang durgaming margi, marga tan kinabayan, dening manah ngelampus, merak munya kidul kilen, panguwunge lir rena amituturi, kadya ken awangsul.
15
Panjriting wana (hlm. 3) munya tri, Kidang Menjangan samya srang-srangan, Bantheng jejawen rowange, mung Warak lawan Senuk, bal gedaba kelawan Bawi, ramya samya subawa, ing pangidhepipun, yen wonge kadya anapa, lah bagya dingaren, kampir teng riki, Selabrangti graita.
16
Ken Selabrangta angling ing ati, aningali badhagan wurahan, nora gingsir ing manahe, lir janma idhepipun, ing semune kadya mangsiti, byakta sira nambrana, ing pangadhepipun, tan akarsa kira-kira, yen during wruh polahe sajrone ati, kumambang karsaning Hyang.
17
Marga tumurun titisnya terbis, jenjrem kasrambing sewala, kaumukan dukut mure, prapteng walahar ageng,panimpangan durgameng margi, galintungan ing sela, sinaput ing lumut, udaka adres garuntal, parang rejeng ing tepi curing angringin, sek tuwuhing cindhaga.
18
Kidul kile pagagan sumyak swaraning tunggu tanduran, karungwa mandra jelungan, ramya sinrenging wijung, tan pantara kukulan muni, parenhg lawan taluktak, lan sorak aumung, kewran Ni Selabrangta, kang kaesti punika rasaning pati, ing twas ngesthi durgama.
19
Riniring-niring datan kariring, karungrungan arungrung tan kintar, amireng wong tanpa gawe, mongmomg ing sipta ngungun, anggonitang anggeng prihatin, titir katiban warsa, datan kena jinum, jumput panjrahing rudita, kelawen-lawe puspita mwang kang sari, lali tan wringan maka.
20
Jurang sangkan tanjeg aneng margi, Cemara geng-geng sumyak kanginan, Kungkang munya ngerung arame, sih raina sumunuh, Yang Aruna nalika mijil, mega abang sumirat, alangen dinulu, byakta jingga teturuta, tiningalan asawang wastra manjethi, rinengga ing kanaka.
21
Saka matyan Yang Aruna mijil, wayah bangun rarasing tumingal, manahe anggeng wirage, angimbuhi atanu, rarasing twas anggeng akingkin, yaya upamakena (hlm. 4), warnane dinulu, wijilira Yang Aruna, kadya netra inguga apulang rasmi, kataman dening priya.
22
Sawijile saking desa Wadi, anuju kaleka mangsat kappa, tanggal ing dalukartine, sinungsung dening kang rum, pinerem mangke warnaning sari, mekar dangune lirang, anjrah sekaripun, rinubung dening jarahan, amrik minging gandaning jangga kasturi, mangeh Ni selabrangta.
23
Salangkah-langkah mandheg pan sarwi, tumingal maring langen kadriyan, amungun brangtararase, we raksa pada palu, mung Saryalata adan asemi, titir katibe warsa, kang pepeteng alas gung, marga sumare sewengka, wuryane marga kadya angrujit siti, inggar kadusing warsa.
24
Ara-ara lurak lir jeladri, andedel tuwuhe kulampiyan, pacing anedheng sekare, Sembung awor singgugu, puspa Limbak lan Sanggalangit, kaselan wraksa praba, dukut merak agung, anerasah adan-adan, kakayone Wayha lawan Pedhali, lemah lebak galintang.
25
Antya langene kang aneng marga, panjrahing puspa tepining jurang, Srigadhing abra sekare, Tanjung Cempaka wungu, munggeng ken sekar Tengguli, Bakung tatar awarsa, anjrah sekaripun, Angrik lawan Mandhalika, sungsung guyup amilet lawan Wedani, tinon yaya ing surat.
26
Pakis sata tinon yayang tulis, alangu tuwuh tepining jurang, Seruni kuning rupane, kelayan Pacar banyu, Kembag sore lan Gandasuli, tirnon abra asinang, weneh rakta dadu, ana jingga teturutan, tiningalan asawang wastra tinulis, tinon agawe rimang.
27
Anggeger punang puspita ngrawit, Kanigara mekar kapawanan, Priyaka nedheng sekare, tino asri alangu, puspa sinang anglaying bumi, kang sela semayana, awor lumut-lumut, Bramara munya liweran, asrang amyang awor swaraning Sengkuni, kadya ken araryana.
28
Pararyane antya tuhwa ngrawit (hlm. 5), sauring angsana abra kang sekar, ruruh sumawur sarine, lwir wasa kencana rum, pindha-pindha warnaning sari, lir langsi langsing tilam, ing apulang luluh, sabpada ingsep sekar, pangrengihe kadya sambate anjahi, sajroning pakasutan.
29
Ni Centhini mangke angaturi, tan pantara ature kawula, Ni Nyai nedha areren, arsa ngremaken suku, Ni Centhini angasih-asih, arsa nginoma toya, ika karsanipun, baya tembelah lumampah, tanpa turu sawengi angesthi pati, mesem Ken Selabrangta.
30
Sangken-sangken atut iring-iring, pringga jro serambaning katernan, tan ana sabeng wuryane, asanepa marga gung, pinimpangan resik aradin, tinetahing lumampah, sang brangti alungguh, ing sela abning rejasa, mangu miyat satpada angringing sari, sarining sara sijya.
31
Pandan rangkang ing parang awingkis, pudhaknya nem weneh angudhadha, byakta wentis kumelab, pangoling jangga lumung, amilet ing wirana denti, molah dening pawana, la si embannya muwus, arerasan ing cipta osiking ati, mangeh Ni Selabrangta.
32
Ararywan mangke Ni selabrangti, alinggih ing sela sumayana, sarwasa denira reren, alinggih amangun yun, madya anglih angrus angrawit, asindua ing sela, angimbuhi ayu, pawongane atur sekar, ing karsane caraka pan amut brangti, sang dyah asesumpinga.
33
Sang dyah asumping sekar Warsiki, Gambir inganggit kelawan Noja, Wiraga munggeng gelunge, tumurun maring banyu, dipun wawas warnanireki, mangeh Ni Selabrangta, sekare den racut, ayu emane tan dermat, tanpa ngrasa sarira awit aurip, baya leheng pejaha.
34
Alinggih mangke tepining beji, mina mijil asrang aliweran, ana pa ing pangidhepe, mina asrang aselur, asrang-srangan sang mina mijil, kadya yun anambrama, ing pangisthinepun, Pakung amaraking sela,delenya ngolong yen wonga ngaturi maring Ni Selabrangta.
35
Aliyangan ing parang tumawing, respati (hlm. 6) sarya angapus sekar, menggep yen tipan warnane, tenggeknya gelunging gadhung, wastra lungsir kang den waoni, asindua ing sela, angimbuhi ayu, pantes yen agawe rimang, lesu lah wong masayung aluwung brangti, mangsa inggua.
36
Kalaswan mangke Ni Selabrangti, asare ing sela sumayana, sakeca denira reren, kasongan andulu, tirta muncar ilinya wening, mijil saking patala, swaranya kumrusuk, ririse ana ing tawang, angrerengih Bramaranya ngusyang sari, lwir, kakung mriyembada.
37
Ambarung punang kitiran muni, Derkuku munya sauran, kukila kadya asengseng, Kepudhang munya celung, mincok ing pang ing tarurasim, Cukcak mreking wohan, polahe ataliksik ing pang, sajalwestri ing tahen angarih-arih, lwir wong arabi anyar.
38
Umyang gumuruh swaraning paksi, Kapudhang kadya anabuh kendhang, Junggareret lwir kangsine, Kukila kadya ngedung, paksi miyak kadya nuhling, Cucak kadya ngamanak, Cabak kadya ketur, ingigelan ing Manyura, paksi Jalak amgalak kadya guyoni, Cicica latah-latah.
39
Awurahan swaraning Sengkuni, Srigunting kadya adarbe karya, polahe byakta kakre, paksi asrang aselur, lwir kundangan pangidhepneki, myang angundang-undang, Pencuk wus alungguh, Pelatuk asewagara, kadya mamut sulindhit angeladeni, garba anapeng bangsa.
40
Asrang Kuthilang Gelatik muni, kadya sawala wiring lan besan, murine kurang tukone, Jalak lan paksi Jiung, umek ramya kadya jaksani, lwir akon agadhea, Bebeluk marengut, kadya jogging palinggihan, paksi Johan miber kadya wong apurik, lwir amedal pasilan.
41
Paksi Dhangdhang lawan Gedhaweki, Rongkok Bondhol lawan kalinglingan, Puyuh Badhegul lan Bethet, Punglor lawan Dalemok, Kakadhalan manuk maningting, cetah urung-urungan (hlm. 7), Jejodhok lan Jangkung, swarane samya wurahan, arak-arakan sata wana kang den iring, kadya asrah tamanan.
42
Geger gumuruh swaraning paksi, kadya sawala ing panginuman, Bibidho ulung lan Dares, alap-alap pitutur, paksi miyak ajerit-jerit, Minco asurak-surak, kadya jaluk tulung, Cabak anabuh gendhongan, Sesikatan kadya wong asikep rangin, kadya wong atetandang.
43
Kagyat awungu Ni Selabrangti, amiarsa paksi awurahan, papunggung lengleng driyane, pan wus washiling semu, paksi ika kadya ngruruhi, polahe brangta mring Yang, prapteng gon aturu, angur aja ngelonaha, tekeng paran napsune den kuranteni, kadya angucap mangkana.
44
Tumurun asris Ken Selabrangti, arsa ngambil suci asembayang, ashalat ashar karsane, Ni Centhini pan tumut, wus angambil er pangastuti, arsa tumut ashalat, ku karsanepun, sampun ambabar mushalla, depun pasang ing sela gennya ngastuti, sampun angangkat kamat.
45
Anjeneng sira anjum pangesthi, kang madheping liyan sinangketan, tan menge ing liyan tingale, kapti anunggal kahyun, wus abener pengadegneki, umadhep maring kiblat, punika kang pardhu, kalbune madhep ing amar, wus rumasa yen kinon nembah among, sembahira wangsulan.
46
Angangkat niyat Ni selabrangti, kashdu taarudh ta’yin wus kuwyang, ing jro lekase sembahe, pareng lan takbirepun, aksarasdha kang den parengi, cipta dhatenging nama Allah ingkang agung, ihram maring kang sinembah, sampun mi’raj semabahe datan kalingling, anging ananing purba.
47
Munajate sapocapan iki, sakehning puji kawilang-wilang, punika pinakture, lisane dasih iku, pan kinarya lara pan puji, singgih anebuting priyangga, ing pralambinepun, iku sembah kang sinihan, lwir punapa marga ing tulupan iki, denya muji anembah.
48
Denya jenenge ika tubaddil, apan tegese tubaddil ika, gaganten kandhih sembahe, kalimput ing (hlm. 8) siddhi luhung, dadya sirna sembahing dasih, lir sudama lan surya, ing pralabinepun, sapandulon lawan arka, ing keleme sudama tan dadi rawi, iku sembah utama.
49
Wiyose takbir saampun kaesthi, amaca wajah Ni Selabrangta, den adhepaken kalbune, ing pangeran kanga gung, kang akarya bumi lan langit, sunat wajah punika, patihah kang pardhu, amiwiti nebut nama, ingkang murah ing dunya asih ing mukmin, ing tembe ing akhirat.
50
Alhamdu iku sampun kaesthi, sakehing puji katur ing Allah, pangeraning ngalam kabeh, kang murah ing dunyeku, ingkang asih sakehing mukmin, ing tembe ing akhirat, iya iku rat, ing biinjang hari kiamat, kang sinembah ingkang pinalampahan sih, sakehing kang sinihan.
51
Singgahena dedalan Kang rusit, tuduhena marga kang apadhang, den kadya ing dedalane, kekasih tuwan iku, para nabi lan para wali, muwah para nabiya, away kang kayeku, kawula kang pinurikan, wong dhalalat kawula tuwan bendoni, tan tuwan tarimaha.
52
Wiyosing patihah sampun kaesthi, amaca ayat Ni Selabrangta, sunat punika ayate, rukung ika kang pardhu, mangke rukung Ni Selabrangti, angapesaken anggo polahe anuhun, alpa lenggana maring Hyang, yen tan tulus apuranira Hyang Widi, mangke tadhah mustaka.
53
Angangkat sirah Ni selabrangti, lah tuwan uga kang amiarsa, dasih punika ature, asujud tan asantun, anrehaken anggoteki, ingkang sapta prakara, den sartaken iku, anggaota kang minulya, den srahaken lwir toya sekaring ardi, kewut maring segara.
54
Angangkat sirah sarwi alinggih, thumaninah ing linggihe ika, rena sukur satihahe, lan aprecaya iku, kang asipat pangapureki, sujud ping kalih ika, kadya kang rumuhun, anjeneng mimi rakaat, sampun jangkep kang kaping kalih, mangke atetah awal.
55
Sunat abngadh punika jenenge puniki, tahyat awal mangke kwruhana, tetiga mangke kathahe, sunat abngadh puniku, yen kelalen asujud sahwi, kocap ing dalem surat, den wruh jatinepun, lungguh tshyst lsn salawat, kang punika (hlm. 9) pan kangken abngadhireki, jangkep tigang perkara.
56
Ajeneng malih arsa miwiti, rakangate kang ing pungkur dhawak, kalih rajangat kathahe, ing shalat ngasar iku, pan sekawan rekangatneki, sampun jangkep sekawan, maka tahyat pardhu, nem prakara pardhuneka, linggih tahyat shalawat kelawan tartib, niyat kelawan salam.
57
Ambuka salam Ni Selabrangti, salam ingran pambuka shalat, pardhu kang munggeng kanane, ngalekum wangenepun, sunat mangke salam kang keri, sampunira asalam, amujeteng Hyang Agung, amaca tasbih lan donga, tan aseru dongane osiking ati, ing sembah utama.
58
Wonten pangandika sang dutadi, amarsa swaraning amujya, dening sanget swarane, sang dutadi amuwus, away sira sanget mauji, mapan pangeranira, wus asedya ngerungu, wruh osiking panarima, nora tuli asipat samingun basher, marmane kadya ika.
59
Ni Centhini adan denya takbir, twasnya lemut dening pancadriya, takon saolah bawane, den lingling driyanepun, ushalline awali-wali, denya angangkat niyat, ing patitisepun pareng tibane aksara, ing ihramane asuwe amijet ranti, iku sembah utama.
60
Kang saweneh sembah tan wreng westhi, alon mijil ing lisan kewala, tan wruh ing sunat pardhune, rakangate datan wruh, sakaryane kacipteng ati, katon gawang-gawangan, jrone baktinepun, kaya giage wusan, karsanepun angayun-ayun kandhuri, ika den arsa-arsa.
61
Lawan sembahe ingkang sepalih, ye ngabakti sapisan kewala, tan wruh ing ala becike, lisane sasar susur, tata lapadz kang den kawruhi, suanat pardune ika, mapan nora weruh, tan ayun atata kena, iya ingkang kena sembah cempaling, marmane kadya ika.
62
Den warnanen polahe sang brangti, Ni Selabrangta angayut karsa, tan den marmaken tuwuhe, lumebet ing alas gung, tan atebah nimbok Centhini, pinaka rowangira, tanseng (hlm. 10) wurinepun, angayut amegat tresna, amateken raga sadurunge mati, kumambang karsaning Hyang.
63
Wrat meweh ing parangnya arumpil, sela gung ika angapit marga, toyanya jog gumarenjeng, tibeng parang semembur, winya wening lumutnya welis, ing pinggir Mandhalika, arok Pacar banyu, paksi angundhadheng sela, wuluh lumung ing parang lawan ampiji, Wilaja mangalasah.
64
Pring sadhapur munggeng kanan keri, gesing dumudul lumung ing toya, Cindaga pundhaknya ngure, akiswa aneng watu, Pakis ana ing tepi, kasongan wraksa praba, sinomnya susunuh, danguning andong ambabar, Sanggakasa ing parang awor Taluki, mayang lagya ambabar.
65
Wreksa ik angungkuli margi, wrinya wurahan amangsa waohan, wut lutung ika rowange, arebut mangsanepun, kang saweneh ing pang alinggih, amangsiti rowangnya, yen ana wong rawuh, rowange wus samya prapta, Ni Centhini tuminggal mesemi ing ati, sato aidhep janma.
66
Araryan mangke Ni Selabrangti, sasoring puspita bra kang kembang, mrebuk wangi gandhane, alinggih amangun yun, aliyangan ing parang asti, sarya munggel puspita, panalemur wuyung, brangtane saya krasa, Selabrangta mandheg denya ngringring sari, katon kanga sung brangta.
67
Suwe tah wau denya alinggih, Ken selabrangta amangun ehal, ing guwa gennya areren, tapa goling yen dalu, yen raina tan kena bukti, asru brangta maring Hyang, angujareng napsu, wus lali ing jiwaraga, sampun leash sarirane den larani, wus amindha kunarpa.
68
Angrupek idhep wus amatitis, pucuking grana kang tininggalan, among den raksa napase, tan sinungan kasurup, majing medal tan kena lali, pujinira tan pegat, tapekur alungguh, ngalam sakawan den jajah, tan kalirup prenahe sawiji-wiji, iku sembah kang madya.
69
Ngalam nasut ingkang karihin, iya ngalame manusya, sarengat tata kramane (hlm. 11), pindho ngalam Malakut, kang den tarik minging ing ati, madhep ing Hyang tan luwar, kaping tiganepun, Jabarut wastane ngalam, iya iku alame roh kang utami, pujinira tan pegat.
70
Ngalam laut ping sekawaneki, mapan pasabanira kang wus man, wus lebur tata kramane, nora na kang tinutur, jiwaraga nur kesthi, suh sirna tan wratmaka, tan ana kaetung, sampun katilar ing tingal, ing jumeneng punika nora kakalih, anging anane purba.
71
Sahing raga anirnaken kapti, warnanira amindha kunarpa, among kari kaketege, Ni Centhini andulu, dahat sira denya prihatin, gustine mati raga, tan wreng polahepun, kari kaketege kewala, Ni Centhini gustine depun sungkemi, asru denya karuna.
72
Anglilir mangke Ni Selabrangti, amiarsa swaraning karuna, den awekaken astane, aris wijiling wuwus, aywa nangis babu Centhini, lara apan kinarya, aja sira wuwus, pan sinedya saking griya, Ni Centhini gustine depun aturi, Ni Nyai lah mantuka.
73
Kadya ta wong nguyahi jaldra, atur kawula ing pakanira, anedha tapa ing rame, anguninga wagtu, depun teteping pangabekti, saolahe sarengat, punika den ketung, alinggih ing arah wenang, batal haram den wicara den astiti, lampahe ahlul iman.
74
Mapan wonten panutaning istri, Pathimah putra Nabi Muhammad, punika tinut lampahe, satya tuhu ing kakung, wus temahe estri alaki, winangun dening priya, sampun kramanepun, kang rama nabi Suleman, kang ingaran wuryan punika asmawi, tinilar dening priya.
75
Ni Selabrangta amuwus aris, babu Centhini sira muliha, maring Wanamarta age, warahen wangsaningsun, muwah maring ramebu kalih, lamun ingsun wus pejah, poma depun katur, lan sira amardikaa, away melu lara mastapengsun bibi, mantuka maring griya.
76
Nanging kang ketang deningsun bibi, akewad sihe babu gustinira, duk gennya urip bangiwen, akewed sihe maringsun, dadya ingsun arsa ngebakteni (hlm. 12), malar duluren ing Hyang, babu away melu, mantuka maring wisma, angungsia wong sakadangira bibi, pan sampun amardika.
77
Panjalukira ing sira bibi, lamun ana ghalath ghapil ingwang, sun jaluk suka den akeh, muwah malih sireku, lamun ana alpanireki, suka isun ing sira, iwuhing tumuwuh, menawa kalangen pejah, den karungan ijab kabulira bibi, samya halal ba halal.
78
Ni Centhini tumulya nauri, wijiling sabda asru karuna, dening tan kedhep ature, punapa penedepun, atilara pakanireki, tan satyeng pakanira paran marmanepun, Ni Nyai dumeh punapa, gusti asih tur amemarahi ngil, tur asung paprdikan.
79
Nadyan lebur den kadya warih, mangsa tilara ing pakanira, pan puniki tampakane, tinuting satya ayu, ingkang sapa muruk ing ngilmi, ing aksara sakecap, maksud dadi guru, sing murtad ing patakenan, sinung jajal dening Hyang sakawan iki, aneng jroning neraka.
80
Linaleken ngilmune yen mati, ingalapan dunyane kang halal, ping tiga cendhek nguruye, punika dajalepun, sakawane besuk yen mati, aneng jroning neraka, manira angrungu, sing murtad ing patakenan, Selabrangta padane sungkemi, lang mangsa malecaha.
81
Ni Centhini sangsaya sru ngiski, aptining amrih laksana, den lampusaken ragane, malebet ing alas gung, yen alinggih sarwya adzikir, asru brangta nireng Hyang, adoh paranepun, lampahe kalunta-lunta, Ni Centhini saenggen-enggen birahi, Selabrangta neng guru.
82
Ni Centhini tumulya ningali, babadan anyar angunggang jurang, tur sangkep tetandurane, Kacang lan Tebu wulung, Tales cina lan kathah Uwi, winor lan Kapas warsa, ing pinggiripun, pinangeran santen sara, tinaneman Suweg sudha lan Kembili, ing pinggir Purwasata.
83
Papagan ka asri angrawit, lor wetan Pantunlagya adandan, asangkep tetandurane, Jali Jawalan Jagung, sinalisir lan Nangka wilis, Karuya payudara, ing pinggiranepun(hlm. 13), Tales Bakatal Balungka, lan Jajawut Kakara Bengung Kacipir, waspa Jagung Kastela.
84
Ni Centhini kacaryan ing ati, tumingal warnane tetanduran, kulan parnahe wismane, lumaris lampahepun, nora ketang Nimbok Centhini, dennya mawi wongwongan, dadya sirandalu, dudkuh asri pinggir toya, tustheng manah ing paladadi, Manggis Duren lan Bawang.
85
Palagantung buwahnya adadi, dhukuhepun Ki Syeh Mangunarsa, amukti tetandurane, Poh gadhing ngambang banyu, Langseb wungglon angulilingi, Pocang ababanjaran, Nangka pakem agung, jirek kelawan tambangan, Dhuwet dhompyang Katela buwahnya adadi, Manggis lawan Samepa.
86
Ni Centhini anakaken kapti, aptining driya ayun wikana, mangke parnahe wismane, lumaris lampahepun, karsanira Nimbok Centhini, mangke yun apapoyan, maring gustinepun, saksana sira tumingal, masjid alit linepa sela endhani, natar kederan toya.
87
Tuhwa resik sitinya aradin, pinaragi sela kakarangan, linepa bata dhasare, kayoman dening Gandul, pinageran winacak Suji, andong bang, lan Mayana cepuk, sekar tinata dewata, binanjaran Nyuh denta angulilingi, Ni Centhini kacaryan.
88
Papacetan ika tuhu ngerawit, jambangan cina rinaja wetha, ukir-ukiran umpakan, angsok lawan Andol, munggeng keri sekar warsiki, kalaywan suminarsa, tuhu sri anglangu, dhukuhe Syeh Mangunarsa, toya mijil tinalangan ampel gadhing, tirta jinala tundha.
89
Nyuh denta awoh andhap angrawit, kang kaselan ing Naga puspita, Kapuranyang keh wul kile, sarinya gelar aruruh, tubing siti lwir wraksa rukmi, warsikya andhap asekar, angebyaken rumrum, rinubung dening jalahan, antyan lungit katiran jangga kasturi, amilet kawiletan.
90
Syeh Mangunarsa ika aneng masjid, asembayang lawan santrinira, Ki Munthel wastane, sampunnya shalat metu, ena linggih sireng (hlm. 14) surambi, sarya amaca surah, Ki Munthel tumurun, anulya maring walahar, tininggalan ing jawi wonten pawestri, Munthel tinatakenan.
91
Pasang tabik manira ki santri, kawula Tanya ing pakanira, dhekeh punapa wastane, dene asri dinulu, sapa sinten kang andarbeni, dening tuhu kawuryan, Ki Munthel sumaur, singgih dhekah Wanantaka, Mangunarsa wastane ingkang palinggih, wahid maksih taruna.
92
Ni Centhini anulya awali, apatya matur maring gustinira, kalintang walang atine, mangke serawuhepun, apepoyan ing gustineki, gusti wonten pagiryan, tuhu sri alangu, singgih dhekah Wanantaka, masjid alit linepa sela cendhani, natar kederan toya.
93
Kang andarbeni wau neng masjid, asembahyang lawan santrinira, among wong roro rowange, sampunya shalat metu, mangke linggih sireng surambi, dodotepun kacang bang, kulambine alus, saemper kakung paduka, tasbij wulung ikete caweni wilis, baya tah janma wirya.
94
Angaji swaranya rum amanis, keh irine kakung pakanira, saking wuri lelewane, ing tindak tandukepun, sesolahe pan angenteni, wadiyane puniku, ing panedhaningsun, uliha gusti mangkana, Ni Centhini cinowel lambene anjerit, muga matia bogak.
95
Ni Centhini mangke angaturi, Ni Nyai daweg samya ararywan, tinilik panatarane, saking panarkaningsung, sasamune rame ing budi, kyai santri punika , ing panedhaningsun, dadya kadang kaliliran, baya pantes rowange sabaya pati, mesem Ken Selabrangta.
96
Ken Slabrangta mangkya ngecani, tumurun alon angowah sinjang, adan den cangking kaskule, anandhang sebe wulung, kulambine caweni wilis, wus tinambal ing sutra, anggangge salemut, wau tilasing awirya, Ni Centhini tambalan limar ketangi, anandhang sabe pita.
97
Lumakwa lon astane den kanthi, kadya semune asrah babadhan, wiring maring (hlm. 15) pangerane, pan semune wong luhung, kang den telad de taki-taki, nora angumbar tingal, warna indah ayu, menggap atasbih karuba, warna wenes wedana asawang sasi, wau mentas kagranan.
98
Anjeneng mangke Ni Selabrangti, tumurun alon anon waweca, lumayu angungsi rejeng, paksanya ngungsi tuwuh, sinauting Taksaka aglis, lumaku angurepan, sang brangti atulung, Taksaka malaywa tilar, Kongkang pejah sang brangti grahinteng ati, leheng away tulunga.
99
Kalinge ing sariri iki, wus pinasthi teka ingantaka, mangsa na tulunging tembe, mangsa simpanging kahyun, nulya lengser Ni Selabrangti, sumengkeng sangu waspa, adres wijiling luh, lagya nawang-nawang tingal, atekenan saradenta mandheg anglih, arsa langening marga.
100
Dadya anon ing manuk Maningting tumiling-tiling akirweng orang, waspada ing panyandhake, kadya datan aluput, wus pinasthi baksananeki, on pejahing mina, tan gingsir tinemu, saksana Maninting pejah, sinamber ing Alap-alap patineki, Ni Brangta wruhing sipta.
101
Sayektinira ing karsa jati, lengkep mapan dadya ing sukarsa, dadya saking kawijine, laris denya lumaku, sumengka ing gegering wukir, anunggang sang kadiryan, aluran kadulu, sekaring Tengguli wang wang, kadya tuduh wrat meweh Ni Brangta kingking, anut marga sumengka.
102
Syeh Mangunarsa wonten ing masjid, sampun wikan lamun adhatengan, ribiyan indah warnane, sampun tumampeng semu, depun regep ing manah nepi, yen ana cobaning Hyang, anedha pitulung, muga raksanen dening Hyang, santri Munthel istingpare andhridhit, tumoning Selabrangta.
103
Selabrangta kandheg lampahneki, tumingal Syeh Mangunarsa, dening amindha kakunge, amicoreng jro kalbu, dadya emut sariraneki, yen kinarya tampakan, sing karya yan tulus, angucap Ken (hlm. 16) Selabrangta, tan rubiyah yen maksih angumbar liring, yen angrasa rumasa.
104
Dadya lampahe ika lumaris, anjujug sira mara ing wisma, gipih sinangkraman dene, Mangunarsa muwus, nehda mangke samya alinggih, sampun awet neng natar, lamun sedya tulus, rubiyah angucap ing nala, Ki Syeh iku wuwuse malang ateni, mambet bau anawang.
105
Aglis sira pan samya alinggih, sampun sinung wau pamucangan, sarweca denira reren, Mangunarsa amuwus, sabdanya rum mijil amanis, banggi wonten sihing Hyang, atamihan luhung, angucap Ken selabrangta, tan wong luhung duraka maring Hyang Widi, anggung-anggung ing raganya.
106
Santri Munthel ulate sumirir, tumingal maring Ken Selabrangta, asru dening gagimbange, denya lungguh tumungkul, depun celur wardayaneki, Mangunarsa wus wikan, Ki Munthel dinulu, arengu pandulunira, santri Munthel wus wikan semuning gusti, rerasan sarwi lunga.
107
Santri Munthel sun warah sireki, away katungkul ing kapemesan, den wikan iya dudune, santri Munthel ambeku, eh Kiyai kakeyan rincik, nora ila si rincang, luwih atinepun, tan anggugoni basa, jaluhunge sihana pawetri, kang aja na rumangsa.
108
Mangunarsa rarene den sengi, mintar sira maring pagagan, ameta Kacang lan Gudhe, kalayan Tebu wulung, Ni Tander mantas sira nini, ameta kakleman, mintar kang den utus, ni Surentri sira danga, santri Munthel sira juwana Kembili, lah sira semuguha.
109
Sampun samya mintar aglis prapti, Ni Surestri wus denira adang, asangkep lah-olahane, sampunnya saji sekul, Ni Surestri kang sesaji, toya mungguh ing cunthang, ing sesajenepun, tan ana ta kena, jangan kacang sambel jae lalab ranti, kuluban karayana.
110
Pelas (hlm. 17) pakem lalaban Kemangi, pencak kacang lawan sambel sahang, tan kantun Kacambah Gudhe, sampunnya tanduk sekul, Selabrangta sira ngecani, lamine Brangta mring Hyang, tan amboga turu, Mangunarsa pan uninga, Ni Dreman wau sira den wangsiti, ambeg wus ingalapan.
111
Suruping arka gumanti wengi, Mngunarsa sira ashalat, samya sembahyang kabeh, Munthel angangkat waktu, Mangunarsa sira bawani, sampun denira shalat, Ki Munthel ingutus, undangen Syeh Anggungrimang, wartanana yen ana tetamu prapti, ambaktaa tarebang.
112
Aglis lampahe Munthel wus prapti, ing wismanira Syeh Anggungrimang, manira tuwan kinaken, angundang ing sireju, ambaktaa tarebang gusti, rakanira dhatengan, adoh sangkenepun, nenggih saking Wanamarta, wastanepun Ken Rubiyah Selabrangti, ayu anom lumampah.
113
Ki Syeh Anggungrimang angling aris, santri Munthel paran pedahira, sumireng dyah puwarane, saking pangrengengingsun, lumampaha den kadya nabi, iku maksih ampungan, si jajal anguru, Ki Munthel anurut sabda, inggih leres wus datan sepi, nanging kirang punapa.
114
Anggungrimang mangkat tan asari, aglis pajar maring garwanira, asajia boga jambe, mangke serawuhepun, anggungrimang sampun alinggih, sarwi mangku tarebang, karsane anggembyung, santri Munthel anarebang, den sangiri walisana anjalerit, swaranya rum garuntal.
115
Anggungrimang solahe respati, wong pawestri pan akeh gagiwang, tumingal ing lalewane, anglud washiling tembung, sing gamelan tan de kiwuhi, wus utameng gamelan, duk welakanepun, wasis angolahken raga, kulambine den lungsir surban suithani, bunyu dening kalembak.
116
Anarebang swaranya rum amanis, Rara Kadhiri pupuhing (hlm. 18) tembang, den enthen-enthen swarane, asuluk campur bawor, swarane nyenyep aindri, lir linuman kumkuma, wong entri angrungu, ayun anguyuh tan medal, Ni Centhini istingpar sajrone ati, angrasa yen kagiwang.
117
Tarebange munya ngelik-ngelik, Anggungrimang denira narebang, apatut lawan singire, Munthel nembungi kedung, sulukepun pakid ginupit, tingkahe arta halal, lawan toya wudhu, Mangunarsa anarebang, den singiri tutur jari swaranya ris, Selabrangta kacaryan.
118
Ni Centhini aglis den wangsiti, lah ta medalena petakonan, yen bener pangawikane, Ni Centhini wus emut, wicarane den ati-ati , kwei santri punika, karsane dinunung, angucap sajrone nala, kwai sun gudere padhas siji, mangke masalah iman.
119
Kyai santri sun atanya kaki, kaya ngapa ing mangke karsantan, ana angucap mangkene,Iman lan Islam iku, kayangapa bedane kali, muwah kalamun tunggal, paran karsanepun, kang Iman Islam punika, kadi pundit ing karsanira kya santri, lah daweg ucapena.
120
Yen tunggal iku rukun sawiji, Iman Islam kalihe punika, lwir bawang bang pralambine, punapa karsanepun, yen bedaa nisbat punika, iku antara mangsa, wastane puniku, bedane tunggal tan tunggal, yen tan wruha idhepe Syaikulbari, mangsih angongka-ongka.
121
Santri Munthel tumungkul nauri, Bok Rubiyah nedha ucapena, mundur manira ataken pan dahat mudha punggung, asembawa tan wruh ing wangsit, nistha ambek welaka, manira wong dhusun, katungkul adhangir sambrang, asembawa tan wikan jatining wangsit, nistha ambek welaka.
122
Santri Munthel winardi ing wangsit, kwei santri lah ucapakena, kang Iman Islam bedane, mwang kadi rukunepun, ucapena sawiji-wiji, aja na kumalar, ing kawruh puniku, lamun tan angewruhana, nora Islam dening dhastar lan kulambi, punika yen tan wruha(hlm. 190).
123
Ki santri Munthel lingira ris, Bok Rubiyah manira miarsa, Iman lan Islam bedane, zahir lan bathin iku, ingkang Islam punika zahir, bathinepun ingucap, kang Iman genepun, anuhun anut andika ing cegahe punika depun singgahi, anerahaken sarira.
124
Bedane punika zahir bathin, ingkang Iman lan Islam punika, lwir Bawang bang pralambine, galih lan carmanepun, yen dinulu katon sawiji, yektieku perbeda, jro jabanepun, amal mijil saking Iman, Ni Centhini wuwusira amisinggih, lan nedha ucapana.
125
Rukune pun tah kadi punendi, Iman Islam kekalihe ika, pira kathahe rukune, apa tegese rukun, Santri Munthel mangke nauri, manira amiarsa, ing tegese rukun, punika awak-awakan, iman iku pan nenem rukune singgih, Islam limang parkara.
126
Angandel ing Allah kang karihin, yen ashipat purba tarwasama, ping kalih ing malekate, ping tiga kitab luhung, ping sekawan utusan nabi, lawan dina wekasan, kaping limanepun, ping nemnya ing untung ala, untung becik pasthi yen saking Hyang Widi, iku pamanggih ingwang.
127
Yen wonten saking salah sawiji, kang wus kocap kang enem perkara, kupur ilang agamane, maka wong Islam iku, tanpa pedhah yen kalbeng kapir, anglampahana amal, kadya toya metu, amale tan tinarima, dosa agung ing kupur nora madhani, manira amiarsa.
128
Pan kang ingaran wedi kekalih, kang karihin iku wedi dosa, lawan awedi kupure, wong am jenenge iku, ana dene ingkang ping kalih, wong iku wedi dosa, wedi kupurepun, iku tingkahe lumawah, ingaranan mukmin pasyik jenengneki, manira amiarsa.
129
Lelima rukune Islam iki, dhihin syahadat kalih kalimah, punika gene mujmale, pindho ashalat iku, apuwasa ping tiganeki, Ramadhan kang minulya, zakat ping patepun, maka genepe lulima, munggah haji yen ana sanguning margi, iku rukune Islam.
130
Salah tunggal katilara (hlm. 20) uni, mapan iku dadi randhanira, papa ageng wipalane, yen kelampahan iku, mapan sinung ganjaran adi, pan wus ubayaning Hyang, asung swarga iku, ing dasih anandhang Iman, Ni Centhini wuwusira amisinggih, mangke manira Tanya.
131
Kadi pundi karsane puniki, ingkang syahadat kalih kalimah, ki santri Munthel saure, Nora na pangeraneku, anging Allah kang den sakseni, pindho Nabi Muhammad, punika ingutus, singspa tan wruh ing Allah, ing Muhammad iku nora den kawruhi, wong iku during Islam.
132
Mujmale tah kadi punendi, syajhadat roro kanga ran mujmal, kang pumendi mupadhale, santri Munthel sumaur, mupadhale nenggih einarni, mangripat tuhid iman Islam gama, luhung, syahadat kalih kalimah, Ni Centhini tumungkul anuksmeng ati, mindah Ki Mangunarsa.
133
Ni Centhini winardi ing wangsit, Bok Rubiyah manira atanya, dusing wong wadon kathahe, kang pinardhoken iku, pira kene mungguh pawestri, ing karsa pakanira, lah nedha den ketung, akeh wong kang paksa bias, wateng junub tinakonan angulati, tinon akulinteran.
134
Ucapena Nyai den patitis, manira ayun ngawikanana, kang pinardhoken kathahe, yen tan wruh wateng junub, sing karyane nora lestari, leir sato asembawa, polahe womg iku, kaya martabat binatang, lwir maesesa rupane wong yen liningling, lan lintang saking hewan.
135
Ni Centhini rengu ulatneki, kwaai santri manira miarsa, kang pinardhoken kathahe, singgih manira ngrungu, panlelima mungguh pawestri, kekalih ing wong lanang, puniku kang pardhu, kayapa ing pakanira, santri Munthel wuwusira amisinggih, lah nuli ucapena.
136
Kang rumiyin ehedh wastaneki, kaping kalih janabat wastanya, woladat, kaping tigane, nipas sekawenipun, lelimane benjing yen mati, mayit iku dinusan, pinika kang pardhu, kakalih duse wong lanang,iya iku janabat kalawan mayit manira amiarsa.
137
Santri Munthel atanya (hlm. 21) amardi, Bok Rubiyah manira atanya, apardhu punapa tegese, Ni Rubiyah sumaur, ingkang pardhu artine singgih, tsawab yen linampahan, pakarti puniku, ginanjar dening pangeran, yen tinilar pardhu iku andosani, tur sarwi sinikseng Hyang.
138
Ingkang sunah tah kadi pundit, Bok Rubiyah karsa pakanira, lah ucapena den age, Ni Rubiyah sumaur, ingkang sunah pamyarsa mami, tsawab yen kelampahan, pakarti raharja, ginanjar dening pangeran, yen tinilar sunah nora ambayani, manira amiarsa.
139
Ingkang harum tah kadi punendi, Ni Rubiyah lah ta ucapena, manira yun wruh jatine, Ni Centhini sumaur, ingkang haram manira manggih, tsawab yen sininggihan, utamaning laku, ginanjar dening pangeran, yen ingambah haram iku andosani, siniksa ing pangeran.
140
Ingkang makruh tah kadi punendi, Bok Rubiyah nedha ucapena, manira yun wruh tegese, Ni Rubiyah sumaur, ingkang makruh amnira manggih, tsawab yen sininggihan, pakarti ginanjar dening pangeran, yen ingambah makruh iku tan andosani, manira amiarsa.
141
Ingkang wenang tah kadi punde, Bok Rubiyah nedha ucapena, manira yun wruh jatine, Ni Centhini sumaur, ingkang wenang artine singgih, lan tsawab sininggahan, pakarti puniku, yen ingambah pan mangkana, nora pala wenang iku tan andosani, iku pangrunguningwang.
142
Ni Centhini atanya gumanti, kwei santri manira atanya, janabat junub kalihe, punapa bedanepun, ucapena depun patitis, muwah kelamun tunggal, paran karsanepun, yaktine, iku pra beda, junuub iku tan patemon jalma kalih, janabat sapanindran.
143
Kaya ngapa pangandohe uni, kang junub iku limang prakara, ki santri sumaur age, pandohe kang rumuhun, nora wenang shalat mwang kadi, anggarap ing mushahab, kaping tiganepun, datan wenang ataliwah, sakawane tan wenang meneng ing masjid, lima mider ing ka’bah.
144
Wenang sholat yen wus den adusi, janabat wastane duse (hlm. 22) ika, junub kala during duse, malih kang tanpa wudhu, pan lelima cegahe iki, dhihin tan wenang shalat, huthbat ping ronepun, ping tiga anggarap mushhab, ping pat mider Ka’batullah datan keni, ping lima nagging mushhap.
145
Hadast wastane uni, kang janabat tan wudhu ika, lah ta tuturen den age, santri Munthel semaur, kang janabat punika nenggih, inggaran hadats akbar, ingkang tanpa wudhu, winastanan hadats ashngar, ingkang akbar amengku ing hadats shangir, iku pamiarsengwang .
146
Ingkang ashngar datan anyukupi, muwah tan lamun uwus janabat, den sartaken lan niyate, kalawan toya wudhu, pan winenang niyat puniki, cihnane nora kacukupan, ingkang toya wudhu, den sartaken lan janabat, nora wenang cihnane nora nyukupi, maring hadats kang akbar.
147
Kadi punendi tah kwai santri, kang janabat kang wajib dinusan, punika pira kathahe, santri Munthel sumaur, Bok Rubiyah manira manggih, ingkang pardhu dinusan, ing masalah adus, anal ah tigang parkara, Ni Rubiyah wuwusira amisinggih, lan nedha ucapena.
148
Karihin iku khurujul mani, lamun mijil datanpa kerana, ihtilam kaping pindhone, lamun angipi iku, anekaken wetune mani, dadya pardhu dinusan, kaping tiganipun, campuhing asmaragama, limang lintang hasyapad pardhu andusi, yen nora tan dinusan.
149
Niyatepun tah kadi punendi, dus janabat lanang mwang wanodya, kang niyat iku jatine, mapan akeh kalurung, kadi pecuk asabeng warih, dening adus janabat, polahe wong iku, awaler manireng sira, santri Munthel gepah denya anauri, manira amiarsa.
150
Niyatepun nenggih angalapi, tan wenang limang prakara, amrih saha sembahyange, punika sedyanepun, dadya mijil sira ing jawi, ingaran juru basa, kang niyat puniku, tansah ing hadharatullah, niyat iku dudu basa swara mijil, iku jatining niyat.
151
Kadi pundi karsane puniki, ing janabat (hlm. 23) mila pinasthika, punika paran karsane, lawan manira ngerungu, ing istinja sinarawedi, iku kadi punapa, karsane puniku, lah ta nedha ucapena, anauri ki santri wencana aris, manira amiarsa.
152
Amet wudhu yen sampun abresih, wong iku dening adus janabat, nadya sembahyang karsane, nenggih manira ngerungu, ing istinja sinarawedi, asembahyang kipalah, boli wastanepun, iku nedha pangapura, kang kalingling inana sarira jail, parmataning istinja.
153
Pan iku istinja iku sasuci, duk ametokaken najis ika, boli punika wastane, benduning Hyang den ketung, adan uga pusakaneki, duk keneng pangrencana, mangan Huldeng dangu, rumasa lamun wiwara, depun suci ing wewasuh zahir bathin, iku marga sampurna.
154
Najis punapa wastane iki, ing wong lanang yen adus janabat, pundit rupane najise, pan suci mani iku, ing wanita pan halal kawin, mila pardhu dinusan, kaya partinepun, kwai santri yen tan wruh, upamane adol lenga kari busik, mesem Ken Selabrangta.
155
Mustakrim watane puniku, mani gingsir pan saking sasana, campur parji arum gene, shipating lali iku, mapan tunggal pusaka kalih, janabt lan istinja, adam purwanipun, iku ashale lenggana, jinateken dening Hyang dusira iki, dadya pardhu dinusun.
156
Yen tan nastiteken puniki, nora antuk jeneging manusa, kebo sapi pepadhane, weneh manira ngerungu, ing wanita nora andusi, uwus dening wong lanang, wuruke wong kupur, ika karyanen paesan, kang ingaran Pathimah putra jeng Nabi, paran dene dus janabat.
157
Atayamum tah kadi pundit, punapa najis kang ingalapan, endi rupane najise, pan suci angganepun, sampun adus depun lisahi, mwang kadi agaganda, kayapa puniku, tan wenang teka sembahyang, santri Munthel mangke sira anauri (hlm. 24), manira amiarsa.
158
Zulmat najise kang den wasuwi, iya iku ashale langgana, sumuk tekeng reraine, tunggal pusakanepun, ing istinja lan toyastuti, mwang kadi ing janabat, sing wruh ngelmunepun, ingaran diruyah lima, jajalukesasutya kang den sunduki, manira amiarsa.
159
Ken Selabrangta amuwus aris, mangunarsa kang tinaken, kyai manira taken, ingkang iman puniku, kayangapa ingucap dhihin, gumanti tohid ika, mangripat neng pungkur, ingkang Islam tan den ucap, kok kilen mangripat den ucap dhihin, gumanti tohid wuntat.
160
Iman Islam punika ing wuri, kadi pundit karsa pakanira, wong roro paran karsane, Mnagunarsa amuwus, Anggungrimang wau tinari, jawaben patakenan, dan aris amuwus, dan alim mutangaliman, tan lenggan Anggungrimang anauri, wuwuse Selabrangta.
161
Kol kileyan anenggih puniki, mangripate dhihin ingucap, gumanti maring tohide, ayun wikan karuhun, tunggaling Hyang nora kekalih, sampunnya tah ing tunggal, tohid aranepun, den teguhaken ing nala, iya iku Iman arane kayeki, manira amiarsa.
162
Kang Islam iku wus aneng wuri, sampun sira anandhang ing Iman, tan lenggana ing pakone, ashalat lan ashiyum, ing Ramdhan lan munggah haji, lan zakat lamun teka, ing lampah puniku, iyeku ingaran Islam, Selabrangta wuwusira amisinggih, mangke manira tanya.
163
Kol wetan paran karsaneki, kang Iman mangke dhehin ingucap, gumanti maring tohide, mangripat kang ing pungkur, Anggungrimang mangkya nauri, manira amiarsa, kol wetan puniku, undhak-undhaking lumampah, ahlul Iman punika ingucap dhehin, manira miarsa.
164
Mulane ingucap dhenin, iku lampahe wong ahlul Iman, ayarengat iku lampahe, lampah syarengat iku, rukun Islam den lampahi, marmanepun den ucap, Islam kang (hlm. 25) karuhun, wus lampah wong ahlul Iman, iya iku karsane wong ati salim, etang tsawab ganjaran.
165
Yen sampun lampah iku aradin, lampah syarengat sampun karaksa, sakathahe pakiwuhe, mangripat lampahepun, prapteng lampah wong ahli tohid, hakekat lampahira, anunggal pandulu, tan etang ing jiwaraga, iya iku karsane wong ati mukmin, nora etang ganjaran.
166
Kang ing pundi kakewuhe iki, ing syarengat daweg ucapena, manira yun wruh jatine, Anggungrimang amuwus, pakewuhe nenggih puniki, yen amrih ingutaman ngagungaken ilmu, lampahe arsa kuncara, riyak kibir ilmune den gawe hashil, iku wisaning lampah.
167
Nenggih puniku lampah wong luwih, tansah ginaken ing jiwaraga, den soraken sarirane, tan ana kang kaetung, lamun saking tirta satitis, denya noraken angga, ing pralambinepun, tibaning windu anila, tiningalan ing warih katon jro bumi, hakekating awiyat.
168
Kadi undi karsane puniki, lintang ingaran windu anila, sudama mapan kayone, Anggungrimang amuwus, nenggih lintang katon ing warih, ingaranan sudarma, dening ranu surud, ingaranan windutara, lintang iku panalikanireng latri, manira amiarsa.
169
Ni Centhini angalem ing ati, anggungrimang putus ing aksara, ketareng semu basane,, lintang panunjuningsun, sesolahe andudut ati, anom tur wicaksana, warnane abagus, kang alaki tan asiha, welakaha kaya sun tohana pati, emut maca istingpar.
170
Undhake malih tan kadi pundi, manira tanya ing pakanira, kang prapta ing don lampahe, Anggungrimang amuwus, Mangunarsa ika tinari, kakang sami atampa, ing wuwus puniku, angucap Syeh Mangunarsa, Selabrangta patakenan den sauri, manira amiarsa.
171
Anenggih ing wong ahli tohid, akarem iku ing shipatullah, brastha ingkang saliyane (hlm. 26), ingaran tsarik iku, tingaling wong kang ahli tohid, dening ahli mangripat, tanpa tingal kawruh, amangeran lagi nora, iya iku ing sirullah lungguhneki, iku wong karem ing dzat.
172
Wong tetiga ingkang kekasih, Nabi Wali mukmin am, tan tunggal pelayarane, nora beda tinemu, karem ing dzat mangke ing Nabi, wali karem ing shipat, wong am tah sireku, pan karem ing apngalullah, sirna titis tingale kalimput ing sih, kadi dok lagi nora.
173
Kadospundi karsane puniki, ing wong urip nora mangeran, manawi salah tampane, akeh kang wong kalurung, pangerane den dalih napi, weneh ngaku pangeran, kalih kupur agung, gumuyu Syeh Mangunarsa, sabda guru sinamun kawijil, amoring tatakrama.
174
Selabrangta winardi ing wangsit, Bok Rubiyah manira atanya, wonten masalah mangkene, turuning wong kang luhung, angluwihi ing pangabakti, ing wong bodho punika, paran jatinipun, gumuyu ing nalanira, Selabrangta wuwusira amisinggih, mesem Syeh Mangunarsa.
175
Selabrangta semune alungit, manira kwai nenggih miarsa, ana angucap mangkene, sajoroning turu iku, wonten uga ingkang atangi, sajrone meneng ika, ana kang lumaku, ana bisu bisa ngucap, Mangunarsa wuwusira amisinggih, wuwuse Selabrangta.
176
Anenggih turune wong kang arip, mingraj reke ing paturunira, munajab ing patangine, kadi pundi puniku, Mangunarsa sira nauri, iki tah Boh Rubiyah, wong luhung kayeku, tan kena titirokena, lwir anangga toya kamumu supami, manira amiarsa.
177
Parandene den tsarik, dening maksih jenenging paningal, punika pinaka dohe, jatining tinggal iku, ingaranan hijab nazari, iku tatebeng cahya, arane puniku, terusena aja liwat, liwatena iku malih aja lalis, ika ecaning lampah.
178
Wonten masyasih ingkang ginupit, Syeh Bayazid watane anuliya, kalintang kasutapane (hlm. 27), ing Yastam wismanepun, ajejuluk Sultan Aripin, tatkala pananira, Syeh Bayazid iku, tan imut ing jiwaraga, sak ilinge tetep denya angabakti, iku tuten ing lampah.
179
Syeh Mangunarsa atanya aris, Bok Rubiyah manira atanya, sapa baya wong sanake, baya sampun aguru, sasampune tunggal pinanggih, mesem Ken Selabrangta, pira baranepun, yen antuk nugraning Hyang, kang tinedha tuduhena marga singgih, anenuwiyeng lampah.
180
Ing kina nenggih manira laki, apanangran Ki Syeh Amongraga, kajiteng smara dok rare, kalintang marmatepun, atetuwi sanake estri. Dhateng Nayana ganda, anglebeti hukum, winastan angrusak syara, lampahepun tan patut lawan syarengi, linabuh ing Tunjung Bang.
181
Tetiga kathahe sanakneki, jalu kekalih estri sanunggal, Ni Racangkapti wastane, wonten sanake jalu, Jayengsari wastane uni, samya alit don tilar, dok lunga anglangut, resake ing suka rejya, den tutuwi sanake nora kapanggih, malah takyeng antaka.
182
Ki Mangunarsa meneng tanpa ngling, waspa mijil deres saking locana, tan bisa megeng tresnane, awekasan amuwus, nggih puniku kang sun ulati, punika sanakingwang, marmane anglangut, sumaur Ken Selabrangta, panakanira ta gene kang den rasani, dalu kalawan siyang.
183
Anggungrimang ariningwang yayi, wartanana mangke rayinira, yen sampun pejah sanake, Anggungrimang tumurun, waspanira kang den usapi, wau serawuhira, arine rinangkul, mas mirah ingsun pangeran, sanakira Jayengrasmi sampun mati, linabuh ing Tunjung Bang.
184
Anglelana sira den ulati, apeparab Ki Syeh Amongraga, ngulati sira karsane, sing negara dinunung, anging sira nora kepanggih, tekeng nayanaganda, anglebeti hukum, winastan angrusak syara, lampahepun tan patut lawan syarengi, linabuh ing Tunjung Bang.
185
Amiarsa mangke Rancang (hlm. 28) kapti, winartanan yen sanake pejah, datan ana pangucape, peteng tawase sumaput, lwir akasa ingkang ngerubuhi, wuwus tan kena medal, supe tuwase surempuh, lali sireng marganira, Rancangkapti kadya latah angekeli, kantun anuli pejah.
186
Anggungrimang siranjrit kepati, tumingal maring garwane pejah, gupuh den rangkul rayine, Ni Surastri papungun,aglis sira depun tingali, gustine lamun pejah, niba saking salu, denya anangis alara, Anggungrimang rabine tansah liningling, sarwi nangis alara.
187
Tetanggane gita padha tangi,amiarsa swaraning karuna, samya ametu age-age, pilelewi papungun, gupuh medal tapih kulambi, gita sarwi atanya, tangis paran iku, kang wikan nulya papoyan, Ni Lelewa gustinira angemasi, lah ta mati kayapa.
188
Singgih sanake lanang wus mati, tan bisa denya amegegng tresna, luluh dening kepatene, sakehe kang angrungu, padha sira lara anangis, maning patinira, akeh kang angungun, waneh ana tebah jaja, kang saweneh alara denira nangis, emaning patinira.
189
Tetanggane kabeh pada kapti, lanang wadon samya anglalawad, kang tangis mangke arame, kabeh samya angungu, kang saweneh asaji warih, geger sapakarangan, tangise gumuruh, rame padha abusekan, tan pantara dukuh pating jalerit, swaraning wong karuna.
190
Wonten tah santri atunggweng gagi, amitra tah lan Ni Rara Bingkak, ki santri rena wastane, ing ranggwan denya turu, wus apanggih eca aguling, kaget ana karuna, sanglilire salah tampa, gupuh medal ki santri tiba ing geni, sinaut ing cemera.
191
Ni Rara Bingkak tumurun aglis, gupuh-gupuh ki santri kejogan, den anciki cecengele, angrenggeh ancak putung, kwai santri agya pinitik, muncar wedanira, kena singepetung, sarira pulang ludira, merem-merem ki santri amindha sakit, teka akulesedan(hlm. 290).
192
Ni Rara Bingkak tumulya mulih, pelarasan ing twase sangsaya, angrungu tangis arame, nangis asemu mangu, angrungoken swaraning tangis, baya iki si biyang, kepareng ingamuk, anulya dening lumampah, tekeng wisma angling ta gene kiyai, wus pejah tinangisan.
193
Wonten tetangga elet sakelir, dhudha kakalih randha sanunggal, dhidha Seladhawastane, gita nulya tetulung, gupuh denya anyangking kodhi, lan kaki dhudha Selaga, medla gawa alu, den dalih wonten durjana, rangdha loma gupuh atapih kulambi, angidhit padahanan.
194
Agen-agen lumampah karihin, anglancangi ki dhudha Seladha, angure-ure rambute , kopeke gundhal-gandhul, bebokonge angumak-amik, gupuh denya lumampah, kang tumon gumuyu, polahe ni randha loma, Ki selaka gumuyu atutup lathi, tumpn ing randha loma.
195
Gupuh-gupuh angungkab-ungkabi, karsanira karya atetamba, gupuh dadya tanpa rereh, lelancing kandhigepun, pipisane anglud kuali, tangan katutup bentar, wotah lenganepun, tumurun angijek wongwa, katak gubug den gecek dalih sunthi, alu den dalih pala.
196
Ki Mangunarsa maksih alinggih, nora wikan yen sanake pejah, winarah dening rarene, samya anglawad gupuh, sapraptane nulya alinggih, lawan Ken Selabrangta, andulu yang sang kantu, semone ana daduga saweneh semone ana aradin, wikan jatining lampah.
197
Angres manahe Ken Selabrangti, tumingal dhateng Ni Rancangdriya, wong anom ayu warnane, kasanenan pandam murub, warnanira kadya aguling, waja kengis araras, kincang alisepun, Anggungrimang nulya mulat, lwir wong mesem garwane tansah den lingling, tur anangis alara.
198
Syeh Mangunarsa meneng tanpa ngling, tumingal maring arine pejah, rinigep ing twas trenane, angrupek idhepepun, tingal tunggal kang depun esthi, anancang ulat kang lyan, kang parane ing dulu (hlm. 30), anane purba kewala, Mangunarsa menggah nulya sira mati, kang tumingal karuna.
199
Ki santri Munthel lara anangis, Ni Dareman ika gagulungan, den pala-pala jajane, angers sasambatepun, Ni Surastri lara anangis, sesambatnya mlas arsa, adhuh gustiningsun, sapa nggeningsun ngawula, gusti asih sadina amemarahi, angapura ing mindha.
200
Ni Selabrangta meneng tanpa ling, kaputungan manah tanpa ngucap, den regep ing jro kalbune, ja’izing Hyang kadulu, sarirane den gawe dalil, wikan paraning tingal, Selabrangta iku, kadya wong kaselamongan, Selabrangta tresnane sumengil ati, dadya mijil karuna.
201
Angres nalane Ken Selabrangti, Mangunarsa ingkang tinangisan, tan bisa ngeregep tresnane, Mangunarsa riningsun, awungua ta sira yayi, sadina rong dinaa, deningsun atemu, nora suda mata ingwang, Mangunarsa kabobohan bisa mati, sira agawe tresnane.
202
Meneng anangis Ken Selabrangti, anahen manah datanpa ngucap, dadya nangis jro kalbune, asru panangisepun, Selabrangta bisa anangis, denya nangis alara, den sambungi guyu, uyune suka satitah, pangangise ajrih gingsir ingkang liring, malar tan katahtaa.
203
Liyep nalane kandhuhan liring, tingaling dasih dadya suh sirna, luluh tekeng raragane, dadya temahan lemut, jiwaraga datan kaesthi, dadya temah sun sirna, dening sih Hyang Agung, yeku kang antuk nugraha, Selabrangta angres sira nulya mati, NiCenthini anjola.
204
Ni Centhini aniba kepati, denya anangis alara-lara, den pala-pala awake, sesambatnya mlas ayun, awungua ni nyai gusti, endi ujarira, asih mararengsun, anusup angayam alas, sun tuturi sun sindhep tulusa asih, tekeng ranggen atilar.
205
Ki santri Munthel amituturi, sampun dinawa kang sampun pejah, mangsa dadia gesange, titahing Hyang den ketung, sangketane tan owah gingsir, sampun kocap ing (hlm. 31( Iman, angandel ing untung, balik yen asih ing tuwan, angulati rowange kawelas asih, amenedi astana.
206
Sekamantyan Yang Aruna mijil, wong anglawad wus samya prapta, sakathahe wong sanake, lanang wadon wus rawuh, Anggungrimang kantu kepati, Munthel karya kaluwat, lawan Ki Patutur, kalawan Ki martaduta, Ki Selaka Seladha Ki Pranakarti, durma karya kaluwat.

1 komentar:

  1. 토토대표 사이트 [토토대표 사이트 토대표 사이트 토대표 사이트 [토대표 사이트 [토대표 사이트 [토대표 토대표 카지노사이트 카지노사이트 10cric 10cric 카지노사이트 카지노사이트 121sprint valley racing - Aogi D123

    BalasHapus