Selasa, 10 Februari 2015

Serat Centhini Pegon Pupuh VIII Asmarandana

01
Amongraga anauri, mangke ngalekumussalam, sinungana rahmat mangke, adan apepanggih sira, sigra anjawat tangan, ing marga parnaheriku, kelawan Ki Amongraga.
02
Kalih Ragasmara iki, Ki amongraga angucap, sapa sinten wewangine, Ki Jatiswara angucap, manira Jatiswara, wong ideran andon nglangut, (hlm. 102), sedya angulati wangsa.
03
Aparab Ki Amongraga, ujare tutur punika, Ki Amongraga wuwuse, sapa kang awarteng sira, Jatiswara angucap, anenggih ujaring tutur, manusa winong dening Hyang.
04
Syeh amongraga sirangling, ing pundi ta wismanira, muwah kang anedha kaki, Ki Jatiswara angucap, tanpa wisma manira, Ki Amongraga gumuyu, katambetan yayi sira.
05
Nyata ujar puniki, nyata kelamun manira, Ki Jatiswara wuwuse, tan wikan yen pakanira, kekasihing Hyang Sukma, Ki Amongraga amuwus, yayi ingsun wong duraka.
06
Muhal iki tutur yayi, yen uliha sih Hyang Sukma, wong kesasar ingsun mangko, lumakwa tan wruh jatinya, manira mbek welaka, wus temu sira lan ingsun, lah ta paran karsanira.
07
Ki Jatiswara nauri, lamun tulus karsa tuwan, anedha sinampar mangko, wong kasihan mindha ina, nora wikan ing krama, Syeh Amongraga amuwus, arum amanis sabdanya.

2 komentar:

  1. KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.

    KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


    KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


    BalasHapus