01
Amongraga ing mangke sampun uninga, solahe den kawruhi, Amongraga sira, tambuh tekaning palwa, suka-suka manahneki, kadya cangkrama, mangke Ki Amongraga.
02
Selabrangta kagyat ningali samodra, Ragasmara sira ngling, duk kapan neng palwa, teka nunggal baita, gawok ing manahireki, Ki Amongraga, wuwuh sukanireki.
03
Tahu ta tengsun ana ing sagara, Jitiswara mangkya ngling, kewuhan ing yuda, Amongraga punika, sun senggih kundura mangkin, Ki Amongraga anuging jurit.
04
Sagara rob umbake awor prahara, umbak agung (hlm. 108) kang prapti, umbake...