Selasa, 24 Februari 2015

Serat Centhini Pegon Pupuh X Durma

01
Amongraga ing mangke sampun uninga, solahe den kawruhi, Amongraga sira, tambuh tekaning palwa, suka-suka manahneki, kadya cangkrama, mangke Ki Amongraga.
02
Selabrangta kagyat ningali samodra, Ragasmara sira ngling, duk kapan neng palwa, teka nunggal baita, gawok ing manahireki, Ki Amongraga, wuwuh sukanireki.
03
Tahu ta tengsun ana ing sagara, Jitiswara mangkya ngling, kewuhan ing yuda, Amongraga punika, sun senggih kundura mangkin, Ki Amongraga anuging jurit.
04
Sagara rob umbake awor prahara, umbak agung (hlm. 108) kang prapti, umbake limbungan, genge sagunung ana, kadya kerah swaraneki, umbaknya piyak, Amongraga ningali.
05
Tansah mesem ing ati Ki Amongraga, polahe den tingali, mring Ki Jatiswara, angaben yudanira, sanalika wonten geni, amolar-molar, saomah angengneki.
06
Pan saya ageng sagunung mangke gengnika, karsaning Amongraga, angesat sagara, sun aduning kang toya, kelawan geni punika, geni wus mumbal, swara lwir gereh muni.
07
Mumbal-mumbal kang geni amangsa toya, mumbul ing luhur warih, endi ta anaa, geni amangsa toya, luwihe Ki Amongraga, datan ginanthi dhandanggendhis.

0 komentar:

Posting Komentar