01
Tan kawasa mangke ingsun iki, angakua babu maring sira, larangan puniku mangke, sapa atuha iku, kang ingaku sapa puniki, anging Hyang Kang Wisesa, polahira iku, kawula darma punapa, Jatiswara mangkya sira anauri, atut lamun mangkana.
02
Anging tah mangke manira iki, yen sembada lawan karsa tuwan, pasthi tan samar ing mangke, anut ujaring tutur, lamun tuwan sanak sejati, nadyan nora ngakua, manira tan kundur, angucap Ki Amongraga, aneng sira manira darma punapi, kadya lumbung pinanah.
03
Lah ta raryana mangke ing riki, lamun sira arsa pawong sanak,kelawan manira mangke, eca ganti pamuwus, sapaguywan sira lan mami, sigra sira sumimpang, saking marga agung, sanalika wonten taman, pinggir margi ingarsa asri angrawit, kagyat Ki jatiswra.
04
Taman adi saking Hyang Widi, pinggir marga tinwan asri raras, banjaran sangkep warnane (hlm. 103), tinon asri anglangut, puspa mekar tepining beji, gapurane araras, murub warnanepun, bata bang lan bata petahk, sela ireng reneka buron angrawit. Lwir gambar tiningalan.
05
Wrta sarine samya babar gadhing, puspa jenar gandanya mrik sumyar, Gambir Melathi Rowange, Menur lawan pring Kencur, Nagasari lawan Warsiki, Pucangnya babar mayang, gandanya mrik arum, rinubung dening jarahan, amrik minging Kumbangnya lwir gendhing muni, ambengengeng swaranya.
06
Toyanya mijil ngayengi panti, puspa mekar gandanya araras, kintar samirana mangke, Jatiswara papungu, sampunira samya alinggih, wonten ing made kambang, Jatiswara muwus, saktine Ki Amongraga, Ragasmara sampun sira samya linggih, muwah Ni Selabrangta.
07
Jatiswara angrasa yen kari, aningali ing anane taman, tandhane yen luwih mangke, anging tah karsaningsun, atatanya ujar sejati, lamun mangke kajawab, estu yen wong luhung, Amongraga pan tinembang, kadi kiyai karsanireki, tuwan winastan paran.
08
Amongraga gumuu saryangling, nora wikan mangke manira, beda yen wong idhep mangke, tulus ingsun balilu, Ragasmara wau tinari, yayi menawi wikan, sira ujar iku, Ki Ragasmara angucap, yen wikan menawi kakang bok paksi, mesem Ni Selabrangta.
09
Amongraga mangkya anauri, lah tapayo yayi saurana, yen sira wruh jatine, Selabrangta amuwus, tan lenggana karsaning laki, selabrangta angucap, manira angrungu, nenggih mangke mangke kanugrahan, araningwang sejatine janma iki, manira amiarsa.
10
Jatiswara angling ing jro ati, wong puniki semune utama, katoreng semu basane, alungit semunepun, wancanane akarya sandi, bisa karya prasanda, cihnane wong luhung, masalah tibeng wanudya (hlm. 104), mundur ewuh wanacana ulih nauri, menggah Ki Jatiswara.
11
Amongraga mangkya sira angling, lah ta payo mangke saurana, wencanane estri mangke, sampun kandheg sireku, awencana lan lestari iki, sampun rasa rumasa, yayi sampun ewuh, bulata bisa manira, lah ta yayi sampun sampun warana kajatin, Jatiswara angucap.
12
anging mangke manira puniki, lah anedha mangke pangapura, karoseng dede kramane, Amongraga amuwus, pindho karya pakanereki, kawilang wong agama, ing karsanireku, bali paran karsanira, panjawabe wong estri kadya puniku, atut wau mangkana.
13
Apa karane mangke puniki, winastan wau kanugrahan, jatine manusa mangke, Selabrangta amuwus, nenggih manira nenggih, karane ingaranan, kanugrahan iku, jenenge yen wewayangan, Jatiswara mangkya sira anauri, atut lamun mangkana.
14
Jatiswara mangke tanya aris, kadi pundi mangke karsanira, wonten masalah mangkene, wekasing Islam iku, kadi pundi karsanireki, tegese kupur ika, kayapa puniku, angucap sajrone nala, Jatiswara yan uga anjawab sireki, nyata luwih ngakathah.
15
Selabrangta mangkya angling aris, nenggih mangke manira amiarsa, tegese kang Islam mangke, tegese Islam iku, pasthi ka[ir manira manggih, tegese kapir ika, ika Islam jatine, angucap Ki Jatiswara, kadi pundi Islame mwang kapirneki, lah mangke angucapna.
16
Selabrangta mangke anauri, nenggih mangke Islam punika, dening wus temu jatine, iku manira ngrungu, ing kapire dene tan iling, lemut tan ana wikan, dening sih Hyang Agung, kawibuwan sihing Sukma, upamane lir katrapan api, sirna tan ana ngucap.
17
Jatiswara mangkya takon malih, ing ungguhe manusa kang sirna, yen ilang endi parane, Selabrangta amuwus *hlm. 105), nenggih mangke manira manggih, ananing kanugrahan, kang purba puniku, jenenge yen wewayangan, dadya ananing dasih puniki, mulih ing jatinira.
18
Ana dene enggene puniki, sapa wruha sajrone panunggal, kang tunggal dhewene, iku manira ngrungu, anging iya wikan pribadi, wikan ing dhewekira, tan kena winuwus, prandene kang sampun nyata, ing lampahe tan kandheg ing papan tulis, tan etang tatakrama.
19
Jatiswara anuksmeng jro ati, mandahane kae Amongraga, rabine iki sehene, luwih ing wong lumaku, ingakathah ahlul surambi, nyata lamun sampurna, amongraga iku, ingsun mider anglelana, durung manggih ing wong kang kadya puniki, nyata sinisihan ing Hyang.
20
Selabrangta mangkya sira angling, pan manira kae amiarsa, wonten masalah mangkene, tegese nabi iku, kadi pundi karsanereki, tegese isbat ika, paran karsanepun, jawaben depun tetela, anauri Ki Jatiswara amanis, manira amiarsa.
21
Nenggih mangke tegese kang napi, nyata reke sajrone kang isbat, kang jro napi tah reke, iku manira ngrungu, pan tegese napi puniki, mesem Selabrangta, kayapa puniku, lah anedha padhangena, Jatiswara anulya sira nauri, manira amiarsa.
22
Ingkang napi anenggih puniki, sejatine kang aneng paesan, kang isbat tunggal jatine, nora liyan puniku, ing anane kang isbat jati, napi reke mangkana, manira angrungu, sida tampa wurung tampa, kang atanggap sejatine napi iki, tan kena ucapena.
23
Selabrangta mangkya muwus aris, asung sipta maring kakungira, manira asryan mangke, Amongraga amuwus, Ragasmara mangke tinuding, lah yayi gantenana, kakangira iku, manira darma miarsa, Ragasmara mangya sira anauri, kakang manira nedha.
24
Ragasmara mangke amedali, masalahe reke pan larangan, papasthine masalahe, Jatiswara (hlm. 106) tinembang, kaya priye karsanereki, wonten kang pawarta, manira angrungu, sapa wong atuwanira, pira kehe wong atuha kang sejati, lan mangke ucapena.
25
Jatiswara mangke anauri, nenggih mangke wong atuwaningwang, tigang parkara kathahe, yen ingkang zhahir iku, kang istoken raga puniki, kang awal Nabi Adam, manira angrungu, ing batin Nabi Mushthagha, sampun kandheg ing kahanan ari kaki, iku jatining sukma.
26
Wonten ujaring semu puniki, sira ingsun anaking Cemara, pan putuning Asu mangke, iku pangrunguningwang, kabeh-kabeh anaking Anjing, mesem Ki Amongraga, Ragasmara muwus, sampun tah mangke winejang, Amongraga gumuyu tur sarya angling, anake Asu belang.
27
Marganing ana sira puniki, dening Asu belang pan tetiga, Ki Jatiswara wuwuse, atut ujar puniku, sapa tampa semune wadi, dadi wadaning lampah, janma luhung, lir kadya landheping pedhang, kang atanggap ing jati jatining ilmi, iku pagurukena.
28
Sapa maca lalungit puniki, depun kena kae tampanira, yen luput sasar temahe, angel ujar puniku, nora nana ing papan tulis, iku bagya cilaka, pawarah ngong iku, dudu ilmuning syarengat, Jatiswara mangkya sira angling aris, Amongraga tinembang.
29
Manira mangke ataken jati, lah anedha mangke sih pawarta, wonten masalah mangkene, punapa, nyatanepun, ing anake Asu puniki, lamun nyata punapa, endi nyatanepun, angucap Ki Amongraga, dening apa yen ora nyataa iki, Jatiswara angucap.
30
Apa karane katon puniki, lamun nyata anaking Cemara, Amongraga tah saure, apa kang katon iku, dudu iku ananing Anjing, kewala sih kurungan, ananira iku, yen sira ayun wikana, ulatana sejatining
Asu iki, lah payo tututana.
31
Payo-payo rowang ingsun iki, aja kari mapan sami muksa, anuksma tambuh parane, Jatiswara pan mangu, anggraita sajrone ati (hlm. 107), nyatayen badan sukma, anane dinulur, Jatiswara pan angucap, kari paran yen ana sihing Hyang Widi, Jatiswara wus muksa.
32
Amongraga punika kinawi, angumbara aneng Madegantang, awor jaladara mangke, Jatiswara wus mumbul, lah ingendi parnahireki, ana layang-layang, awor lawan mendhung, kang mendhung-mendhung ing sukma, gebyar-gebyar tejane kawula luwih, awor padhanging andra.
33
Amongraga mesem aningali, ana linggih saluhuring mega, kalawan sarorowange, Jatiswara cinatur, ampun wikan parnahe mangkin, sigra nulya pinaran, Amongraga muwus, saktine Ki Jatiswara, sampun prapta ing sapadha wong luwih, mesem Ki Jatiswara.
34
Jatiswara mangkya sira angling, lah ta payo ingsun ulatana, wus murca saking arsane, Amongraga tan kantun, sareng muksa sarowangneki, Jatiswara neng guwa, mancur tejanepun, Amongraga sampun wikan, nulya prapta ing arsa tumulya linggih, angapa ujarira.
35
Jatiswara angling ing jro ati, nyata sakti kae Amongraga, nora nana sasambate, anging sih karsaningsun, sumbalinga dadi prajurit, mengke sun dadi toya, yen uga sireku, wikan maring raganingwang, nyata luwih dudu rowange ajurit, mundur dadi samodra.
0 komentar:
Posting Komentar