01
Wonten masasyeh wau ginupit, ahlul sastra amangun syarengat, ing Wanacandra wismane, kalintang mantanepun, wong alinggih ahlun surambi, kinepun sinaroja, sabatepun agung, amupu ing wong kasihan, bagus anom jatmika asih ing santri lumaku lawan kundhang.
02
Asung pangan wong kang luwe iki, asung sandhang maring wong kawudan, adana weweh lampahe, tur ambek wakca sadu, nora gingsir ing pangabakti, nora kibir ing lampah, nora nggungken ilmu, lakone tansah ing karsa, den srahaken tingale nyata yen napi, iku tuten ing lampah.
03
Pan Islam tansah den simpen, ing kapire sadina den sebar, den jereng nistha lampahe, kalawan miskinepun, cela ina kang den ranggwani, shabar lawan tawakkal, alinggih ing kahyun, yugya tinuta ing lampah, sakathahe kang akarsa taki-taki, iku lampah kang padhang.
04
Masjide ika ageng ainggil, panatarane ika araras, mendhapa radin lepane, tinon asri anglangut, jambangane soreng Warsiki, balungbange ajembar, puspane mrik arum, sekare abebanjaran, marbuk wangi gandane arum manis, lir gandane kasuwargan.
05
Rare santri akeh padha ngaji, ageng alit (hlm. 109), samya atillawat, swarane umyang arame, wenenh amaca suluk, kang asangir aganti-ganti, weneh kang aterbangan, ana turun guyu, saweneh amaca kitab, rebutlapadh maksude kitabireki, rame arebut akal.
06
Gumer swarane kang wong angaji, papantese wong ahlul syarengat, saweneh sembayang mangke, wenenh aganti metu, manjing medal saba surambi, weneh ana ambakta, kitab maring guru, anedha wadining kitab, kang saweneh amasuh sabakireki, weneh ingkang nanurat.
07
Wong ngangsu ika pating saleri, tuha anom perawan wulanjar, rangdha somahan rowange, liwat ing masjid selur, teka wong maring kali, akeh lalewanira, amedhak apupur, samya agelung pendhokan, kae santri karsane den kulenjari, semune anjawat.
08
Kang saweneh sasubrah sasumping, sangkang bapang sekare Cempaka, tur sarwi ngujiwat mangke,sasolahe asemu, kaya ana marjaka alit, rara sampun dewasa, ki santri andulu, maring kang wong alelewa, dalahane karsane arep alaki, padha gumuyu suka.
09
Samya gumuyu sakehe santri, aningali ing sapolahira, sampun wikan ing semune, Jatiswara winuwus, sampun prapta jawining masjid, arsa atetakena, wau karsanepun, anuju ana wong medal, Ki Marebut karsane dhateng ing kali, arsa adus karamas.
10
Denya lumampah andhengkul iki, nora wikan yen ana wong prapta, katungkul dhelug lakune, Jatiswara amuwus, Ki Marebut kagyat ningali, kaketegepun sumyar, wong endi kandulu, dening nora asaraba, nora wikan ing soba sela wong iki, mesem Ki Jatiswara.
11
Lah anedha paman sapureki, depun agung paman suka dika, pasthi kadadeyan mangke, singgih wikana wau, pakanira paman puniki, Ki Marebut angucap, ulate marengut, tur sarwi ambakta landha, depun cangking ing beruk wandhahireki (hlm. 110), arsa adus karanas.
12
Pan ing pundi wastane punika, kae paman manira atanya, den agung pangapurane, atut saking sireku, Ki Marebut mangkya anauri, nenggih ing Wanacandra, wastane puniku, ing pundi pinangkanira, Jatiswara mangke sira anauri, sadya wang anglelana.
13
Tampa wisma manira puniki, mider-mider lwir pindah wong moyang, karsa tetakena mangke, maring kang sampun luhung, yenanaa kang asih iki, mara ing awakingwang, ika karsanepun, wingi ingsun amiarsa, nanggih mangke ing riki wonten wong ngarib, manira yun wikana.
14
Ki Marebut mau anauri, kalingane sadya puruhita, karsanira tah ing mangke, lah ta dhaweg tumanduk, maring masjid mangke alinggih, mangke manira warta, maring guruningsun, lah ta mangke tumanduka, Jatiswara nulya sira anauri, paman lah karuhuna.
15
Ki Marebut sigra-sigra mulih, arsa matur maring gustinira, sampun dhateng ing wismane, yen dhatengan anom apekik, gurune lagya nindra, nyaine sumaur, baya ana karyanira, sigra-sigra teka memanasi nati, lah age wewartaa.
16
Ki Marebut nulya matur aglis, nenggih nyai andika dhatengan, ataken kiyai mangke, ing riki keng jinujug, bagus anom brangteng Hyang Widi, nyainira angucap, shabarena iku kiyai lagra anindra, Ragamana tumulya kagyat anglilir, alinggih sarya dhaham.
17
Lah undangen kaki depun aglis, aturana alinggih ing wisma, yen arsa wong sanak mangke, Jatiswara winuwus, aneng masjid denira linggih, santrine padha cingak, tumon warnanepun, Ki Marebut nulya prapta, sarya angling Jatiswara den aturi, dhaweg malebeng pura.
18
Sigra tumurun saking surambi, sampun kiring sira maring wisma, sampun manjing ing korine, Syeh Ragamana muwus, anuruni sang wau prapti, lah mangke tumanduka, den aglis sireku, sampun anggelar kelasa, Jatiswara mangke sira nulya linggih, anulya singkrama.
19
Lah bagea mangke sasutya di, saking pundi mangke pakanira, punapa sinedya mangke, Jatiswara amuwus, tanpa wisma manira iki, sadya marek ing tuwan Ragamana muwus, punapa tah karsa tuwan, wus apanggih kelawan manira iki, angling Ki Jatiswara.
20
Marmanepun kawula maring riki, nenggih tuwan kasusra ulama, tur sarya murah wartane, kadunung ilmu agung, memarahi ing mudha iki, amupu ing wong nistha, manira angrungu, Ki Ragamana angucap, kalingane manira idhep ing ilmi, asawat yen temena.
21
Ki Ragamana aseng-aseng ing rabi, lan asunga mangke panginangan, den aglis mara ing akeh, rabine nulya metu, sampun kesthiwancananeki, sigra atur pawohan, munggeng bokor sampun, anulya sira tinapan, Jatiswara tumulya den ancarani, lah bagus amucangan.
22
Sampunya muncang tumulya angling, Ragamana maring garwanira, rabine tinembang mangke, lah ta nyawisa sekul, sesajia ta sira yayi, rehe adhedhayohan, den inggal sireku, lawan sira jawadaha, asuguha sadarbe darbening miskin, iki kekasihe Hyang.
23
Jatiswara mangke wus atampi, wancanane Ki Syeh Ragamana, manira anedha mangke, larangan ujar iku, kang sinihin dening Hyang Widi, pilih ingkang jatinya, ing ujar puniku, manira iki duraka, aneng dunya pan dadi satruning Widi, mesem Ki Jatiswara.
24
Kang tinedha siang lawan latri, teka kena mangke ing duraka, den kadya hewan samine, Jatiswara gumuyu, kadya pundi karsanireki, dening sedha duraka, kayapa puniku, gumuyu Ki Ragamana, Ki Marebut tan wikan semune wadi, jege lengleng miarsa.
25
Ragamana mangke (hlm. 112) sira angling, Ki Marebut yayi undhangana, sowang sanakira kabeh, mungpung dhayohan luhung, kakula warta kang jati, aja tungkul ing sastra, den wruh jatinepun, aywa katungkul sambahyang, Ki Marebut tumulya mintar tumuli, uwar sakaumira.
26
Jatiswara wuwuse amanis, kadya pundi paman karsandika, duraka iku semune, Ragamana amuwus, sampun wonten jebeng sireki, aywa ngangge warana, kaki anakingsun, pan sampun ana ing para, Jatiswara mangkya sira anauri, paman manira nedha.
27
Paman wonten tah ujar puniki, sing sapa awas maring pangeran, pan agedhe ing dosane, iku ingsun angrungu, Jatiswara mangkya nauri, atutpaman mangkana, manira angrungu, angucap Ki Ragamana, angur para wus wikan semune wadi, mesem Ki Jatiswara.
28
Ki Marebut pan ingucap malih, kang auwar maring kaumira, pan kabeh tinembang mangke, payo aja na kantun, paman sira ingundang kaki, gurunira dhayohan, ika pan wong luhung, kaume wus padha teka, tuha anom santrine wus padha prapti, pareng linggih ta sira.
29
Ki Ragmana mangke sirangling, karanira sun undang sedya, padha kakulaka kabeh, wartaning laku iku, mungpung ana kang sampun jati, kang sampun wruh ing paran, wekasaning laku, padha sira miarsaa, malah mandar mundhaka budinireki, pah padha angadhepa.
30
Samandening bapa ingsun iki, maksih tuna ing pawartaningwang, pan wikan sejati mangke, santri pan samyamatur, lah anedha mangke kiyai, lawan tah den parsaya, ing kaharsaningsun, padha angakua sanak, Jatiswara ika anauri, paman manira nedha.
31
Karane bapak tingkah iki, karanepun tan wikan ing paran, dening tan temen lakune, pilih ingkang wong purun, anerajang larangan iki, akeh medhot belabar, dadya tan sinung wruh, katungkul oleh aksara, depun (hlm. 113) puhung kitabe angaling-alingi, mesem Ki Jatiswara.
32
Jatiswara mangke anauri, kadya pundi paman karsandika, kakang laku iku mangke, dadining laku ika, lawang paran dadine iki, yen nora lawan sastra, kang jati puniku, yen nora lawan sembahyang, kadi pundi Ki Ragamana lingnya ris,
Tan won dadi duraka.
33
Upamane kang syarengat iki, prelambine kadya wong sesawah, anggaru miluku mangke, karya lerleranepun, yen wus dadi leleraneki, tumrap wiji saking Hyang ilmu wastanepun, lamun sampun sawurena, yen wus radin lelere nira sejati, mangke den banyonana.
34
Jatiswara mangkya muwus aris, kang punendi kang pinakta toya, panguripe wiji mangke, Ragamana amuwus, depun nyata ing rohireki, ika pinaka toya, ilmuning Hyang Agung, lan asangua rerasan, sampun kandheng ing sembah kelawan puji, yen ayun wruh ing paran.
35
Yen pinuhung syarengat puniki, ingaranan reke maksih bathal, dening tan wikan jatine, nyatane maksih kandheg tatan-tatan, pasthi gampang yen kena ing papan tulis, manira amiarsa.
36
Upamane ing laku puniki, yen kang teka kadya wong mimitra, sarta lawan jarumane, mapan jaruman iku, pan tetiga kathahireki, dhehin, kelawan sastra, kapindho puniku, jaruman kalawan badan, ping tigane jaruman lan nyawa iki, iku dadining lampah.
37
Jatiswara ika anauri, kasinggihan paman karsandika, sembah lawan tegese, angel ujar puniku, yen tan saking nugraha jati, yaiku marga sempurna, dumduman ranepun, wonten mangke zakat badan, pira-pira denya nglampahi, coba lawan bencana.
38
Kang duraka tah kadi pundi, ingaranan tah lampah tah lampah sampurna, punapa mangke tegese, (hlm. 114), Ragamana amuwus, nenggih mangke manira manggih, iku mulane awas, ananing Hyang iku, sawuse teka ing coba, iya iku duraka ing Hyang sejati, manira amiarsa.
39
Mapan wonten kocap ing jro dalil, ingkang coba kelawan bencana, damaring wong urip mangke, iku manira ngrungu, Jatiswara mangkya nauri, nyata lamun mangkana, ing wuwus puniku, ki santri padha angucap, kadi pundi jatining warta puniki, manira yudha wikan.
40
Tamatepun carita puniki, ing wening isinen jam dwi welas, Rabingulakhir wulane, tanggale kawlas iku, tahun Ha’ Hijratunnabiyyi, Shallallahu ngalehi wasallama, sewu dwi tus kawlas dasa dwika, kang kumama rarya nom bodho hiranti, den agung pangaksama, Wallahu ‘alam yalashshub.
0 komentar:
Posting Komentar